Saturday, August 11, 2012

Ustad Palsu Lagi Payu

Jaman saiki ustad nang tivi tambah akeh, tambah unik, aneh, lan medeni. Nangapa medeni? Sebabe saiki akeh ustad terkenal, terkenal ganteng lan unik, udu terkenal pinter lan jero ilmune. Aku ora ngiri tapi nyatane pancen kaya kuwe. Contone wingi ana ustad ganteng ditakoni nang ibu-ibu nang acara inbox SCTV, ustad kepriwe carane ben ngelak nang tenggorokan bisa ilang lan puasane bisa lancar. Ustad ganteng njawabe kaya kiye, ngelak ya ora bisa diilangna masa ngelak diilangnya, terus ustade malah ngomong liyane sing ora jelas.

Ustad sing diarep-arep bisa njawab malah gawe getun. Apa ustade ora mikir apa ora duwe pikiran. Jajal nek sing takon kuwe wong mualaf, apa dadi ora getun lan dadi mualaf kuwe mikir, kok kaya kiye islam? Pikiran sing maune cerah malah bisa dadi peteng lan ala, gela. Coba nek ustade ngomong kaya kiye, Bu nek ngelak ya kerjane ngaso, sing jelas puasa yang ujiane ngelak, kencot, kesuh, lemes lan sapanunggalane. Yakin bae Bu, kabeh sing nang njero puasa ngesuk kuwe ana ganjarane, dadi tetep semangat ya Bu. Enak kan jawabanne? Senajan ora bisa njawab carane ngilangna ngelak tapi ora gawe gelane ati si ibu kuwe.

Ana maning wingi sore, ustad sing senenge gegaokan gembar gembor ya maha o yamaha, eh jamaah o jamaah, masa ditakoni apa sebabe malam lailatul qodar kok pahalane seribu bulan? Si ustad njawabe malah muter-muter ora jelas, terus akhire malah kesasar mbuh meng endi. Aku bae sing ngrungokna malah tambah puyeng, padahal aku sarja S1 lho. Masa ngrungokna jawaban ustad ya maha ya honda malah dadi mumet. Ampyun. Sing dadi gelane atiku, sing takon kuwe wong wadon bule, mualaf maning. Waduh njawab kaya kuwe bae ora bisa.

Ustad palsu pancen lagi payu, saking payune honore bisa edan-edanan. Meh kabeh ustad nang tivi honore kaya artis, ana sing 15 menit 30 juta, ana sing setahun siji setengah milyar, ana sing sekali tampil 30 juta, 4o puluh juta. Ana kae ustad sing ceramaeh karo nembang kaya wayang 40 juta sekali panggil. Ana maning ustad sing susah ditemoni nek orang mbayar 3 juta, nek kurang kan 3 juta duwite ilang. Aku orang asal ngomong, tanggane ana sing kelangan duwit sejuta sebabe kepengin ketemu karo si ustad tapi duwite kurang 2 juta dadi sing sejuta ilang bablas.

Ana maning ustad sering sering nongol nang infotainmen, pamer bojo, pamer motore sing gede, pamer usahane, pamer ejekine sing gede, pamer umaeh sing kaya istana. Apa memper, apa pantes ana ustad pamer sing wah sing mewah? Ustade ora ndeleng kahanan umate sing rata-rata wong kere, miskin, wong-wong sing uripe sering kesrimpung nasibe.

Sing aneh uga massa utawa umat sing lewih seneng karo ustad selebritis tinimbang ustad sing jero ilmune. Umat lewih seneng karo ustad sing cengengesan karo tembang-tembangan tinimbang ustad sing serius.
Ya kaya kuwe alam dunya, sing payu malah sing palsu