Monday, March 25, 2013

Nek Aku Dadi Paranormal

Jaman saiki dadi dukun utawa paranormal kuwe ketone njanjikna sugih. Deleng bae duku utawa paranormal jaman saiki pada duwe umah gede regane milyaran, mobile uga apik, milyaran juga, bergaule karo jatset, kalangan atas,artis, pejabat, pengusaha sukses lain liyane.

Beda banget karo dukun kampung sing tamu nggawa gula kopi, rokok utawa amplop sing isinya puluhan ewu, dukun kota utawa paranormal sing sering nongol nang tivi ketone sukses banget. Apa deweke sukses temenan apa mung iklan nang tivi thok? Apa bener dukun-dukun terkenal kae wis mesti sekti lan ilmu pengobatanne mujarab? Apa ilmu deweke bener-bener ampuh?

Sing tak tulis kiye pengalamane aku dewek karo tangga-tanggaku karo kanca-kancaku karo wong-wong sing kebeneran ngobrol karo sing wis tahu menggone dukun-dukun utawa paranormal sing terkenal sing duwe iklan nang tivi utawa nang majalah mistik. Ora usah disebut sapa dukune utawa sapa paranormale sing jelas deweke terkenal lan biasa nongol nang tivi.

Ana dukun jenenge KK, kancaku sing mriang menganah diwenehi banyu segelas, sampeyang ngerti pira regane? Limangatus ewu.  Dukun liyane ya sekitar semenoh, sa ngertiku ana sing meh sejuta. Banyu kuwe mung didongani thok, utawa dimantrani utawa mung diisi tenaga dalam.

Aku malah ngerti akeh paranormal sin modale tenaga dalam utawa mantra thok, wani mbukak klinik pengobatan. Paranormal kuwe gole pasang iklan nang tivi ngetokna modal puluha juta sekali tayang, wis mesti kudu balik modal. Ben balik modal ya mesti taripe duwur, larang. Ben ulih duit sing akeh nek perlu kabeh pasien sing teka diwedeni nek penyakite abot , parah, kena  santetlah, kena  jin gemblunglah, kena tulah wong gemblunglah, padahal dukune kuwe sing gemblung.

Paranormal sing ngaku Ustadz yakuwe ustad H sing ngaku bisa mindahna penyakit meng wedus taripe edan-edanan, sekali terapi 6 juta, nek ping telu pira bae? Biasane ping telu ora mari ya dicueki. Aku nulis kiye udu sentimen tapi ngomong apa anane. Ilmu nek wis komersil biasane ora ampuh sebabe wis ora iklas. Nek wis ora iklas kabeh cara di enggo sing penting ulih duwit,  sing penting sugih, ora peduli kudu nipu wong, kudu nipu pasien..

Pasien sing lagi kepengin mari biasane gampang ditipu, dilemboni, khususe sing ora duwe iman. Nek perlu diperes. Contone paranormal sing suka meres pasien yakuwe Ustadz GB. UGB malah lewih parah, pasiene diperes tapi ora mari. Nek mari sih mending, la kiye ora mari tapi pasiene malah diperes kon mbayar proses terapi. Nek ora mbayar diwedeni, disantetlah.

Ana maning paranormal sing kerjane meden-medeni. Nek ana wong takon mesti jawabane kena jin, kena guna-guna dadi kudu diruwat sing biayane jutaan, padahal modale mung kembang setaman.

Ya kuwe kabeh nek kepengin sugih. Jujur bae, aku uga ora beda karo dukun-dukun utawa paranormal kuwe nek aku dadi dukun. Dadi dukun jujur mesi kere, kaliren. Dadi paranormal iklas ora bakal sugih. Aku mbiyen ya wis tau njajal dadi dukun, dadi dukun nek ora nipu ora ulih duwit. Ati-ati  dukun palsu, dukun penipu, dukun cabul, dukun pengereta, lan sapanunggalane.