Wednesday, December 3, 2014

Wong Edan Lagi Terkenal

Wong Edan saiki lagi terkenal. Ya pancen saiki akeh wong sing pada edan lan ngedan. Alam dunya sing saya suwe saya panas gawe alam pikire wong-wong akeh sing orang waras alias koleng alias gemblung. Perkara sing diluar nalar utawa diluar akal sehat tambah akeh lan tambah narik perhatian.

Jaman saiki saking wong-wong pada koleng pikirane perkara sing mustahil bae dipercaya, contone, anak kaki-kaki sing bisa ngendong. Ngakune endoge kuwe mung putih kabeh njerone. Kaki-kaki sing jenenge Kong Naim dadi terkenal, mlebung berita, nang koran, internet lan tivi. Otomatis duweite akeh. Mung nglomboni nek deweke bisa ngedong thok ya dadi ulih duwit akeh.

Gemblunge, akeh wong-wong sing percaya. Saking meyakinkane Kong Naim gole ngomboni akeh sing percaya terus di undang nang stasiun tivi, termasuke acara si Tukul Arwana. Sing lewih gemblung maning ana nara sumber ya kuwe paranormal wedon (sayange aku ora ngerti jenenge sebabe orang seneng karo para normal sebabe sing akeh ngombloni karo ujung-ujung njaluk duwit). Paranormal wedon sing ora normal kuwe nganggo ilmu indigone ngomong nek Kong Naim kuwe ulih anugerah kan Gusti Allah, blablabla.................... Tukul ya percaya bae. Kabeh sing acara BUKAN EMPAT MATA kaya wong gemlung sebabe nekakna bintang tamu gemblung karo paranormal gemblung, dadi sing nonton ya melu gemblung, bin edan, bin ora waras.

Herane nek ana wong sing ngaku-ngaku hebat utawa ngaku duwe kelewihan kaya Ponari contone ya pada percaya. Nek ngaku-ngaku bisa nekaknya duwit ya percaya terus akhire ketipu. Ana maning sing ngaku bisa nggandakna duwit ya pada percaya, terus ya mesti bae ana sing ketipu.

Jam semakin ruwet semakin panas dadi pikrane pada kejiret karo dunya. Kabeh dipikir ukurane mung dunya. Saking dunya dunya dunya akhire pada gemblung kabeh. Nek ana wong sing ngaku Nabi terus bisa aweh kesejahteraan mesti gelem pindah agama utawa pindah keyakinan utawa pindah Nabine sing penting bisa mangan bisa sejahtera.

Aja ditakon sing kaya kiye kis mbiyen tekan saiki kasuse ya ana. Jam saiki akeh sing ngaku Nabi herane ya ana sing percaya. Kemiskinan harta, ilmu lan iman pancen gampang gawe wong dadi kafir, paling ora ya dadi gampang terombang ambing nek ana gelombang kehidupan teka.

Jaman saiki nek kepengin ulih kuasa lan banda pancen kudu edan lan ngedan. Sebabe yakuwe nek ora edan ora keduman kaya omonge Prabu Jayabaya. Nek kaya kuwe wong urip wis kaya buih nang lautan, gampang terombang ambing.

La saiki sing edan maning wong-wong partai sing keton beragam lan alim malah akeh sing berurusan karo KPK. Sebabe apa? Ya mesti bae ana hubungane karo korupsi. Mantan Menteri Agama contone ya wis di comot nang KPK. Terus Sekjen Partai Kabah ya lagi berurusan ( mau ngeleng berita berita Romy dipanggil KPK). Nek Anggota DPR ya wis ora keitung ditangkap KPK. Bupati lan pejabat liyane ya akeh. Para pejabat wis kaya wedus kabeh, nedak. Kabeh dipangan. Tanduran utawa hak milik rakyate dipangan. Kekuasaannya disalahgunakan dalam rangka korupsi, ngelawan aturan lan liyane.

Nek dipikir-pikir kenapa akeh pejabat pilihan rakyat pada edan yang mungkin rakyate ya edan. Kepriwe ora edan, suarane didol diregani sepuluh ewu utawa satus ewu ben calon pemimpine lolos utawa terpilih. Nah sawise terpilih ya mesti balas dendam. Dongaku ya ben rakyat indonesia uteke pada bener, mikire bener lan lancar. Ora njual suara lan harga dirine. Semoga alam dunya sing mung sedela kiye ora gawe masyarakat indonesia pikiranne pendek. Nek pikirane pendek berarti edan. Nek kabeh pada edan ya wis bubrah kabeh tatan sing apik.

Kabeh sing apik pancen larang regane. Kabeh sing apik kuwe butuh pengorbanan lan loyalitas. Ayo diganyang pikiran sing edan, pikiran sing gawe wong liya menderita. Ganyang pejabat korup, Dukung KPK.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin