Thursday, October 20, 2011

nangapa wong sing suka ngamalna ilmu tanpa guru bisa gemblung?

wektu cilik aku sering krungu wong ngomong nek si Paijo mandan gemblung sebabe ngamalnya ilmu tanpa guru. ana maning si Tarjo gemblung kaboten ilmu. jane apa bener nek wong ngamalna ilmu tanpa guru utawa kaboten ilmu khususe ilmu kebatinan bisa gawe gemblung?

kiye aku arep cerita perjalanan urip wektu tesih bujangan mbiyen. sing jenenge bujangan sing digolet wis mesti prawan utawa wong ayu. nang endi ana wong ayu mesti dikejar nek perlu prawane nganti nangis kejer.

pepatah mengatakan, cinta ditolak dukun bertindak. sing jenenge ngejar cinta nganggo rapalan utawa mantra, utawa doa wirid wis biasa, sing penting wong sing dituju tunduk. nek mantra utawa wiridan wis ora mempan terpaksa ya njaluk tulung wong pinter sing ora sekolah ya kue dukun.

nang endi ana dukun ampuh ya ditekani. nah suatu wektu aku ketanggor prawan ayu. kabeh pendekatan lair lan batin ora an hasile lan terpaksa nekani dukun tua umur pitung puluhan.

dukun kue wis tua banget tapi bojone umur nem belas tahun ya meti bae ilmu pengasihane yahud, top markotob. aku akhire diwei pengasihan. teknik ngunakna macem-macem tapi tetep bae ilmune ora mempan meng cah wadon sing tak tuju. sue banget aku nyoba ngilangna rasa cinta meng cah wadon kue.

nang pikiranku ilmu pengasihan kue ora mlebu nang awakku tapi nyatane ana nang awakku lan tambah sue tambah kua senajan aku rajin sholat lan rajin puasa.. kabeh wong wadon sing tak pandeng mesti jatuh cinta, sapa bae lan nang endi bae. akhire dadi kakehan maksiat.

kanggo wong lia disenengi kabeh wong mesti seneng tapi aku malah dadi susah sebabe wedi dosa. akhire aku ketemu lilikku sing wis puluhan tahun ora ketemu terus ngobrol-ngobrol lan diajak zikir batin. nah nang kene tembe aku ngerti cara kerjane ilmu pengasihan.


wektu zikir batin khodam utawa jin ilmu pengasihane berontak sebabe bertentangan karo zikir batin. aku dadi kaya ula. tingkah lakuku lan sifatku dadi kaya ula sebabe kue jin sing njero awakku berontak. pembimbing zikirku terus nyoba mbuang khodam kue tapi aku malah kaya wong gemblung, sebabe nang endi-endi kaya keton ula.


aku kaya wong gemblung temenan, arep turu nang kamar keton akeh ulane, arep mangan nang piring ana ulane, arep adus nang bak ana ulane, kan silit metu ulane, kan irug ana ulane, dadi stress temenan. aku kenal wong pinter nang endi-endi bahkan nganti sing iklan nang koran lan majalah tapi tetep bae ora bisa mbuang ilmu pengasihan sing nang awakku. patang taun aku bener-bener kaya wong gemblung tapi aku meneng bae mbok dikira gemblung temenan.

mungkin sebagian ngomong kudu baca ini itu, surat ini itu,kabeh wis tak lakoni tapi tetep bae bayangan ula keton nang mataku. sing paling males nek arep mangan apa ngombe, panganan karo banyuku tak wacakna ayat kursi ping pitu tembe ula-ula kue pada mati tapi kudu sabar mbuang ulane siji-siji.

alhamdullah aku ketemu ahli zikir anyar. aku diwei rong gelas banyu sing wis diziikiri lan adus terus ilang ilmu pengasihanku. ilmu ilang tapi khodame tesih nekani aku nek aku kelingan ilmu pengasihanku. abot banget, mung kelingan tok be teka kodame tapi alhamdulillah saiki insyaallah wis ilang.

njiot hikmah kan apa sing tak ceritakna mulane aku percaya nek anak wong sing ngelmu bisa nganti gemblung, saking ora kuate malah bunuh diri. mulane urip sing paling apik ya urip sing lurus, urip sing gusti allah ridhoi, urip sing iklas lan tawakal.

aja suka nyalahgunakna ayat-ayat Allah, aja suka ngamalnya mantra, aji-aji lan apa bae sebabe kabeh mesti nganggo khodam. aja gampang percaya nek anak sing ngomong kiye khodame malaikat sebabe sing ngomong tak pastikna ora bisa ndeleng malaikat. aja percaya khodame malaikat senajan nganggo ayat-ayat kan al Qur'an. wektu lia tak sambung manig. ceritane tesih dawa.

aja isin-isin komentar, kritik ya ulih.mungkin ilmuku beda karo ilmumu ya ora apa-apa. saiki aku nyoba ilmu iklas, ora macem-macem. sendika dawuh marang Gusti Allah.

1 comment:

  1. matur suwun aku seneng maca blog e njenengan...

    ReplyDelete

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin