Monday, June 11, 2012

Ilmu Sing Wis Mendarah Daging

Ilmu sing wis mendarah daging khususe ilmu kebatinan nggo wong sing ngamalna apik wektu wong sing ngamalna bener-bener mbutuhna sebabe ilmune bekerja secara otomatis bisa nglindungi wong sing duwe. Ibarate mung dibatin thok ilmu langsung bekerja. Ora usa dirapal japa mantrane ilmu bisa bekerja nang wektu-wektu genting.
Ilmu-ilmu kasekten khususe ilmu-ilmu jawa biasane duwe kelemahan utawa pengapesan. Umpane wong sing duwe ilmu tertentu ora ulih njekel centong, ora ulih mangan gedhang mas, ora ulih nirukna suara kewan tertentu lan liya-liyane.
Ilmu-ilmu kebatinan kuwe biasane gawe susah wong sing ngamalna lan gawe awak dadi abot utawa tersiksa nek wis tuwa.  Wektu tesih nom ilmu pancen ora ana pengaruhe malah wektu nom ilmu kebatinan dadi gawe  jaya  tapi nek wis tuwa khususe wis arep mati, ilmu kebatinan malah gawe menderita.
Sing  dadi masalah nek ilmu kebatinan sing wis mendarah daging kuwe kepengin dibuang tapi susah? Nek sing ana pengapesane ya gampang mbuange, tapi nek ilmune ora ana kelemahane kepriwe?
Jane pada dasare ilmu-ilmu kebatinan, ilmu  kasekten, ilmu hikmah lan ilmu kan buku mujarobat kuwe cara kerjane dibantu prewangan, jin, khadam lan sapanunggalane. Ilmu apa bae mesti ana khodame. Mbuh kuwe ilmu pelet, penglarisan, ilmu kewibawaan, ilmu kebal, ilmu terawanga lan liya-liyane kuwe  kabeh nganggo khadam.
Dadi nek kepengin mbuang ilmu ya kudu bisa  mbuang khadam kuwe.Kepriwe carane?
Mbuang ilmu pancen ora gampang. Wong sing paling sekti bae urung mesti bisa mbuang ilmu wong liya apa maning mbuang ilmune dewek. Sampeyan waca bae pengalamanku susaeh mbuang ilmu.
Cara   mbuang ilmu kuwe ana telung cara yakuwe.
1. Njaluk dibuangna meng wong sing ilmune lewih duwur. Tapi biasane syarate akeh, larang, ngentokna duwit. Ngolet wong sing ilmune lewih duwur ora gampang. Biasane omonge sing duwur tapi ilmu cethek. Ana maning wong sing luar biasa ilmune  begitu dijaluki tulung ora bisa senajan ngerti seluk beluk ilmu sing arep dibuang.
2. Ngamalna ilmu sing lewih duwur utawa ngamalna wirid utawa mantra nggo mbuang ilmu. Biasane cara kerjane ilmu utawa wirid yakuwe nekakna khadam maning. Dadi nek khadam ilmu singa arep dibuang kalah ya lunga tapi nang awak malah diengremi khadam anyar maning. Nek khadam sing lawas ora kalah, nang awak malah tamah maning khadam utawa jinne.
3.Njaluk tulung Dukun. Nah dukun jaman saiki biasane kerjane nglemo thok. Apamaning dukun utawa paranormal sing pasang iklan. Wis larang  nipu maning. Aku mbiyen sering ketipu kok.
4.  Tobat meng Gusti Allah lan njaluk tulung wong sing edek karo Gusti Allah. Wong edek kareo Gusti Allah kuwe urung tentu kyai utawa ahli tarekat utawa sufi. Wong sing edek karo Gusti Allah biasane ngerti ilmu gaib senajan ora blajar. Saking ngertine malah kaya wong sing ora ngerti sebabe hal-hal gaib kuwe ora penting. Sing penting kuwe Gusti Allah. Nek sampeyan susah nemukna wong sing kaya kuwe ya njaluk tulung bae meng ahli tarekat utawa sufi. Nek tesih ora bisa ndonga njaluk petunjuk Gusti Allah. Mesti ana jalan. Aja kelalen wektu ndonga dikuatna ibadahe karo sodakohe. Nek ora  ya njaluk tulung aku, mengko tak tuduhna wong sing mbiyen mbuang ilmuku, sing penting temen.

1 comment:

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin