Tuesday, November 22, 2011

SUSAEH MBUANG ILMU IRENG LAN PUTIH

GombongPlus-Susaeh mbuang ilmu ireng lan putih.
Urip nang alam dunya pancen susah, akeh alangan karo tantangan. Prinsipe sapa sing menang kuasa lan sing kalah dadi gedibal, dadi keset sikil sing ora kanggo nggawe. Saking susaeh kabeh cara di nggo sing penting lancar.

Nggo wong sing lagi kasmaran kabeh cara di nggo ben ulih wong wadon utawa wong lanang sing disenengi. Ben lancar biasane nggango ilmu pelet utawa ilmu pengasihan. Kanggo sing ditolak cintane apamaning sing disepelkna, dihina, ilmu pelet biasane dadi andelan utama. Ngamalnya ilmu pelet kuwe ora susah, paling puasa pirang-pirang dina. Sing paling ampuh ya ilmu jaran goyang.

Nggo wong sing usaha biasane uga ngamalna imu pengasihan. Wong sing kepengin kebal, anti bacok, anti peluru, biasane uga ngamalnya mantra utawa wirid khusus. Sing kepengin duwe ilmu kesekten karo ilmu pengobatan akeh uga sing nganggo ilmu-ilmu khusu.Ilmu khusus kuwe artinya nganggo prewangan, nganggo jin kafir utawa jin islam.

Ngamalna ilmu ireng wis meti nganggo jin kafir, tapi nganggo ilmu putih uga nganggo jin islam. Akeh wong sing pada kecele, ketipu, kaya aku mbiyen. Kyaine, apa ustad sing aweh ilmu ngaku nek ilmune kuwe ilmu putih, khodame kodam malaikat. Pitakonanne apa ya bener khodame kodam malaikat? Apa kyaine utawa ustade wis tau weruh malaikat? ( nek wis tau weruh malaikat wis mesti wong muklis/wong iklas lan ora butuh ilmu-ilmu selain kan Gusti Allah).

Kanggo wong sing kepengin uripe lurus ngamalna ilmu agama (islam), kabeh ilmu ireng utawa putih kuwe bakal ngganggu ibadah lan mesti kudu dibuang. Masalaeh mbuang ilmu kuwe ora gampang.klik nang kene ben jelas. Tapi nek ana wong sing kepengin tobat lan mbuang ilmu temenan email bae meng aku mengko insyaallah tak wei alamate wong sing bisa mbantu.



No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin