Tuesday, July 14, 2015

Kerja Apa Nang Gombong

Kerja Apa Nang Gombong. Sapa sing ora seneng karo Gombong. Gombong sing tentrem ayem. Wonge ayu-ayu lan ganteng-ganteng. Rong puluh tahun aku lunga kan Gombong nggolet pangaripan lang nggolet pengalaman urip. Rasane kepengin banget cepet balik meng Gombong maning.
nini nini lagi tuku emas, gombongplus
nini nini lagi tuku emas

Mung masalaeh Gombong kuwe kota cilik, artine peredaran duwit alon banget. Ibarate nggolet sepuluh utawa rong puluh ewu kuwe susah, beda karo nang Jakarta, sepisan nggembor thok bisa ulih rong puluh ewu, seket ewu, utawa satus ewu. Jane nek wis ketemu dalan uripe nang Gombonng ya pada bae, maksude gole nggolet duwit ya gampang.
risdiana, mi yurja, gombong, gombongPlus
Dian lagi mumet mikiri emas regane munggah terus, apa maning nek lebaran

Mulane arep kerja apa nang Gombong. Dadi satpam bayarane mung nem atus ewu mung cukup nggo numpak angkot. Wingi ana pensiunan PNS cerita, mantan kapolsek dadi satpam bayaranne mung siji setengah juta, kepriwe arep urip ya kan? Tapi nek lagi rejeki ya bayarane bisa telung juta kaya kancaku dadi satpam limang taun saiki bayarane 3 juta.

Sing bagus pancen wiraswasta. Nek gawe kios nang Gombong, seket juta urung apa-apa. Perputaran duwite uga alon banget. Nek bisa balik modal thok ya wis syukur. Ya kuwe ora kabeh, sing usahane dadi ya ana tapi ya kuwe butuh keberuntungan lan butuh pengamatan sing cerdas. Nek asal dodalan yang hasile ora maksimal.

Gombong saben taun tambah ayu tambah ganteng. Umah-umah sing mbiyen tabak saiki wis pada apki-apik kaya istana. Tapi senajan bangunane kota Gombong lan sekitare apik-apik nggo usaha tesih kurang meyakinkan khususe nggo usaha nganggo pathokan Jakarta.

Nek usaha-usahaan kaya dodol cilok, bubur ayam, wedang ronde, es pisang ijo, es doger, roti pukis lain liane sing keliling desa ya bisa mlaku usahane. Mlakune ya mlaku-mlakuan sebabe gole nggolet bati tipis.
stasiun gombong, gombongplus
stasiun Gombong

Ora gampang urip nang Gombong, mulane bocah-bocah sing pada lulus SMA, STM, SMEA lan lulusan kuliah mesti kudu nganto meng kota gede, sebabe nek tetep nang Gombong karir lain kemajuan uripe susah, kecuali nek modale gede terus nemu usaha sing pas.
tentara gombong, gombongPlus
tentara Gombong lagi latihan, telung dina maning arep lebaran tapi tesih latihan, SEMANGAT PAK TENTARA

Gombong, oh Gombong kota sing ngasilna wong-wong pinter, terkenal, artis, jendral, pengusaha lan liane. Moga-moga terus berkembang dadi kota sing tumbuh pesat ben masyarakat kabeh terangkat derajate. Aku urung bisa balik meng Gombong kecuali nek lebaran thok.
anake sapa, gombong, gombongplus
anake sapa mbuh, melasi, wong tuwane mung mikirie emas

SALAM HANGAT UNTUK KOTA GOMBONG DAN MSYARAKATNYA YANG PALING BAIK SEDUNIA

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin