Sunday, October 30, 2011

PENGALAMAN NGAMALNA ASMAUL HUSNA YA FATAH YA RAZAQ

uripe wong kadang ora pada antara angen angen karo kenyataan. kadang nang duwur kadang nang ngisor. kadang urip kadang ambyor. kiye ceritaku pribadi sing tak alami aku karo keluargaku, aku, bojoku karo anakku.

gara-gara salah manajemen keuangan keluarga utawa salah ngatur keuangan keluarga ditambah ditipu wong, uripku dadi keblangsak, kekurangan alias kere. ceritane aku ngutang bank nggo tuku umah. gajiku tahun 2009 gari mung satus patang puluh ewu. tesih ana telung atus ewu karo rongatus seket ewu tambahan kan kantor dadi kabeh nematus ewu kurang sepuluh ewu rupiah alias limangatus sangangpuluh ewu rupiah.

nematus ewu kuwe urung dikurangai susu roangatus ewu saben wulane karo mbayar listrik karo pam sekitar wolung puluh ewu terus dikurangi bensin nggo kerja. senajan sering dikirimi beras nang mertuane rasane uripe tesih tetep susah.

kanggo wong jawa nek wis ora bisa ngapa ngapa ya senjatane mung donga. aku terus kelingan karo asmaul husna ya fatah ya razaq. ya fatah ya razaq tak waca sawise sholat karo kapan bae asal eling karo ndonga ben ulih rejeki setiap saat.


sing jenenge ora duwe duwit rasane ngenes banget tapi sawise ngamalna asmaul husna sering ana kedaden nemu duwit mbuh nang ndalan nang kantor karo nang taman.


tanggal rong puluh duwit wis entek, bingunge setengah mati sebabe ngesuk anak bojo nang umah kudu mangan tapi ndilalah lagi stres-strese malah nemu duwit, ya alhamdulillah.

lia wektu lagi mlaku-mlaku nang taman ana duwit tiba kan sake wong sing lagi mlayu-mlayu, ya tak jiot, alhamdulillah.

lia wektu lagi ora duwe duwit blas, numpak motor karo anak bojo, mlirik kiwe eh malah weruh duit nggletak ya tak jiot, alhamdulillah.

 jane ora mung nemu duit tapi ya nemu duit diwei nang wong karo ulih kerja tambahan. tapi masalahe siki wis urip normal lang kepengin mbalekna duwit sing mebiyen tak temukna. nek sing nang kantor sih ana sing ngaku tapi sing nang ndalan karo taman?


5 comments:

  1. salam kagem njenengan , niku blogger saking Kudus mas

    ReplyDelete
  2. aku deneng wis suwe ngamalna asmaul husna, uripku ajeg bae?

    ReplyDelete
  3. Ngamalna asmaul husna kuwe kudu khusuk, bersih atine lan tingkahlakune, touhide kudu lurus, dingerti maknane, ikhlas lan diamalna lair batin. Aja kelalen ikhtiare. Nek ora ana perubahan mesti ana sing salah, introspeksi. Gusti Allah ora nglomboni meng wong sing yakin

    ReplyDelete
  4. gara gara enyong tau pasang susuk ndean.

    ReplyDelete
  5. bisa dadi, intine nek menurutku kudu bener2 bersih lan bener2 pasrah meng Gusti Allah

    ReplyDelete

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin