Sunday, February 8, 2015

Jimat, Elmu Lan Dukun Sing Paling Ampuh Nang Dunya

Jimat, Elmu Lan Dukun Sing Paling Ampuh nang dunya. Tulisan kiye jane mung renungan hasil tafakur kan kedaden bilahinya pesawat Air Asia sing terjun laut cedek Pangkalan Mbun. Tulisan kiye ora duwe maksud ngina utawa ngece wong-wong sing pada ketemu maut. Moga a Gusti Allah maringi tempat sing lewih apik nggo deweke kabeh.
Dukun Sekti, ilmu ampuh, elmu, amalan ampuh, dukun ampuh, dukun sekti, jimat ampuh, jimat sekti
Dukun Sekti


Terus apa hubungange judul Jimat, Elmu Lan Dukun karo kecelakaan maut kuwe? Salah siji penumpange (jenenge goleti bae nang google ya) kuwe nang dunia permistikan utawa dunia perdukunan wis terkenal. Ya terkenal banget deweke kuwe dukun terkenal saka Tulung Agung. Deweke (lanang) biasa pasang iklan nang majalah misteri, popular lan majalah klenik utawa majalah lan koran liane sing ana hubungane karo dunia gaib, jin, jimat, ilmu kasekten, amalan-amalan keselamatan, tolak bala lan sapanunggalane.

Dukun sekti kuwe pasang tarife jutaan. Ora sembarang wong bisa nganggo jasane deweke. Amalan ilmu kasekten, hizb, jimat, lan sapanunggalane regane ora baen. Deweke masang iklan wis mesti aweh garansi. Ya mesti aweh garansi nek ilmune mesti ampuh utawa paling ampun. Conto sing paling gampang ya ilmu tolak bala, ilmu anti celaka, ilmu keselamatan. Jimate ya jimat keselamatan. Dadi nek ana celaka ya mesti celakane sing minggir, dadine wong sing ngamalnya ilmu utawa hizb utawa sing njekel jimate deweke bakal slamet. (harapanne)

Mungkin sampeyan kesuh karo tulisan kiye, sebabe hakikate wong celaka lan mati kuwe Gusti Allah sing ngatur, utawa takdir. Maksudku, nek mati lan celaka kuwe takdir ya serahna bae meng Gusti Allah. Ora usah nganggo jimat tolak bala. Ora usah ngamalna ilmu kasekten anti celaka. Ora perlu ngamalna amalan-amalan sing diyakini bisa menghindarkan diri dari kecelakaan, sebabe kaya kiye. Biasanya nek wong sing duwe jimat keselamatan, utawa duwe amalan anti celaka, nek pas lagi beja ora celaka, biasanya deweke mesti ngomong nek deweke slamet gara-gara ilmu utawa jimate (sombong). Terus nek celaka ngakune takdir.

Terus apa gunane ilmu, utawa jimat sing di nggo nek ora bisa menjamin keselamatan. Jujur bae nang facebook akeh wong sing mempertanyakan masa wong sekti sing adol jimat lan ilmu keselamatan kok malah celaka?

Jane kuwe tamparan utawa teguran kan Gusti Allah nek apa bae jane ya mung Allah sing kuasa. Nek temenan ana ilmu anti celaka mesti para pasukan islam jaman Rosullulah nganggo ilmu kuwe ben terhindar dari maut, ben slamet. Tapi nyatane kan ora kaya kuwe. Sunatullah, wong perang ya ke pedang, kena tembak. Sunatullah wong urip ya bisa celaka.

Nganggo jimat lan ilmu klenik anti celaka kuwe wis ketipu duwite (nggo mahar) ya ketipu wektune nggo ngamalna ilmu kuwe (wiridan, puasa, tirakat dsb), lan ketipu imanne. (ya kuwe nek beja ngakune kan ilmu amalane utawa jimate sing ampuh dudu kersane Gusti Allah).

Wong wis wektune mati ya mati, sing penting kepriwe carane wektu mati kuwe khusnul khotimah. Konsep keselamatan wong islam kuwe udu keselamatan awak tapi keselamatan iman. Wong sing mati kuwe sangune udu awak sing wutuh lan bersih tapi iman lan amal sing bener.

Ayo mulai saiki dadi wong sing beriman lan beramal. Disenengi Gusti Allah lan disenengi wong lia kabeh. Tesih percaya karo Dukun sekti sing jimate utawa amalan sing diweken kan deweke bisa menghindarkan saka kecelakaan? Mikilah

1 comment:

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin