Tuesday, May 29, 2012

Facebooke wong ngapak

Saiki nang endi-endi kabeh wong mesti wis ngerti apa sing jenenge facebook. Facebook kuwe media sosial. Ya kuwe sarana nggo kekancan nang internet. Nek sampeyan ora ngerti takon bae meng tukang lombong nang pasar pagi, mesti ngerti.

Jaman saiki internet wis murah, saking murahe kan tukang mi ayam, tukang lombok, tukang becak, tekan tukang sampah pada facebookan. Liwat facebook bisa duwe kanca kan sing paling ganteng nganti sing paling ayu, semok, demplon lan seksi. Kepengin duwe kanca artis nang facebook uga bisa.

Kanggo wong sing wedi karo wong lanang utawa wong wedon sing disenengi liwat facebook bisa bebas mentelengi wong sing disenengi ora wedi di gaploki sebabe mung mentelengi fotone tok.

Facebook kuwe bisa segala bahasa, tapi nek sampeyan kepengin facebookan nganggo basa jawa utawa basa ngapak, teka bae nang www.kayakiye.com. Kayakiye .com kuwe kanggo wong Kebumen, Gombong, Banyumas, Purwokerto, Bresbes, Cilacap, Bumiayu lan ngendi bae sing basane ngapak.

Nek kepengin weruh eong ayu tapi ngapak ya nang kayakiye.com. Kepengin weruh wong ganteng tapi ngapak ya mung nang kayakiye.com. Kepengin weruh wong jawa ngapak asli, ya nang kayakiye.com.

Ya wis ngana mbukak kayakiye.com seurung wong landa pada bisa ngapak terus wong wedon sing ayu-ayu kepencut landa. Cepetan ngana mumpung ana sing sedaap.

1 comment:

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin