Saturday, June 9, 2012

Dzikir Asmaul Husna

Dzikir  asmaul husna kuwe salah sijine dzikir sing paling gampang sebabe dzikire pendek dadi  praktis.  Sanajang asmul husna kuwe pendek tapi khasiate luar biasa, ora kalah karo dzikir sing dawane nganti sepuluh kilometer utawa maca ratib. Nangapa kaya kuwe ya sebabe pendekke kuwe sing dadi gampang diingat,  dihayati lan diamalna. Soal khasiate juga dahsyat.
Sebab pendekke kuwe asmaul husna bisa didzikirna saben wektu kapan bae wektu sadar lan gelem. Beda karo dzikir utawa donga liyane sing panjang lebar, boro-boro bisa diwaca kapan baen, ngerti artine bae ora, nek  ngerti juga mung seitik, separo utawa sepetil. Saking dawane donga kadang gawe mumet, mumet macane, mumet mikirna artine boro-boro sempat ngamalna.
Coba dzikir nyebut Ya Rahman Ya Rahim utawa Ya Fattah Ya Razzaq utawa asmaul husna liyane nurut mlebu metune napas. Dirasakna,  dihayati arti lan maknane, terus diamalnya. Deleng dewek, rasakna dewek hasile, meti dahsyat banget. Wis maca pengalamanku ngamalna Ya Fattah Ya Razzaq kan? Ya minimal kaya kuwe dahsyate.
Dzikir kuwe ora susah-susah, ora usah dawa-dawa sing pengting kepriwe dzikir kuwe bisa gawe ati tenang, bisa gawe khusuk sholate, bisa menemukan jati diri awake dewek, bisa kanggo solusi kabeh masalah dunia lan akherat.
Dzikir kuwe udu nggo pengetahuan tapi nggo pakaian, di nggo, diamalna, ben lancar dunya akhirate. Nek dzikire wis bener kabeh wong ora bakal butuh dukun, dukun pensiun.Ya iyalah sebabe dzikir kuwe dadi problem solving, dadi kabeh masalah bisa tuntas nganggo dzikir.
Tapi masalahe akeh wong dzikir tapi orang percaya karo Gusti Allah. Lho ko bisa? Ya iyalah, sebabe imanne kurang. Nek bener beriman karo Gusti Allah kabeh wong mesti lakune bener lan dongane kabul. Nek ora beriman dongane ya kabur. Mula ben ora kabur imanne coba jajal dzikir ati dzikir asmaul husna.
Semoga ana manfaate.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin