Friday, May 11, 2012

Pesen Kanggo Wong Sing Nyasar Nang Alam Gaib

Uripe menungsa sing normal yang nang alam nyata dudu nang alam gaib. Tapi manungsa bisa bae mlebu alam gaib utawa nyasar nang alam gaib secara sengaja utawa ora sengaja. Nek sengaja biasane merga wong kuwe duwe ilmu gaib utawa ilmu sing bisa menembus alam gaib. Nek sing orang sengaja biasane kesasar sebabe bisa mlebu nang tempat angker, kecelakaan utawa meriang sing nyebabna roheh bisa metu kan raga lan bisa jalan-jalan meng alam gaib, bisa juga merga perjalanan spiritual.

Alam gaib kuwe beda banget karo alam nyata, alame manugsa. Sing urip nang alam gaib ya kuwe jin, setan, marakayangan, genderuwo, kuntilanak lan sebangsane. Nek mlebu alam gaib suasanane ora beda karo alame menungsa, malah mungkin lebih keton apik, memikat sehingga ora kepengin maning balik meng alam manungsa.

Tapi pesenku nek kesasar nang alam gaib aja ngasi ngombe utawa mangan panganan nang kana. Panganan nang alam gaib sing keton apik jane mung tipuan mata. Wong-wong sing orag duwe iman karo wong sing ilmune cetek biasane gampang ketipu. Tipuan mata sing tak maksud ya kuwe panganan sing nang alam gaib kuwe jane kotoran, bisa kotoran wong utawa kewan. Ombene juga kan kotoran. Nek nang alam  gaib pizza rasane enak bisa dadi kuwe jane tlepong kebo, tlepong jaran utawa tai menungsa. 

Nek sampeyan wong islam mesti ngerti nek saapik-apike jin kuwe lewih apik manungsa sing paling elek. Maknane manungsa mangan lan ngombene tesih lewih bersih beda karo bangsa jin. Coba bayangna nek sampeyan di kon mangan nang alam gaib terus pas urung entek terus balik meng alam manungsa, terus ngerti-ngerti sing dijekel tai kewan karo sing nang cangkem kotoran kewan apa ya nikmat? Sampeyan gelem? Nek gelem mending nang umahku mangan tai sawarege nganah.

Seapik-apike jin kuwe tesih kalah karo menungsa.  Menungsa digawe lewih ayu lewih ganteng tinimbang jin. Nek sampeyan kesasar nang alam gaib terus weruh wong wedon ayu banget nang kana malah lewih ayu kan lunamaya berarti sampeyan ketipu. Jin kuwe bisa ngubah wujud, dadi lewih apik utawa leweih elek. Nek sampeyan sampai kepencut malah nganti kepengin kawin karo bangsa jin, jajal njaluk jinne malik rupa wujud asline. Aku yakin sampeyan kaget setengah mati, kupinge dawa kaya kebo, mata belo, susune nglambreh, wulune akeh, ambune breng-brengan, dan lain-lain.

Biasane wong sing kesasar nang alam gaib terus nganti mangan lan minum apamaning kawin karo bangsa jin biasane nek balik meng alam manugnsa ilang rasa kamanungsane. Tingkaheh aneh kaya jin lan dadi ora sewajare kaya wong liyane.

Pesenku ye sampeyan nyasar nang alam gaib mending diakehi zikir karo shalawat Nabi. Aja mangan, aja ngombe, aja gampang seneng karo kabeh sing ketone apik.


No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin