Sunday, April 29, 2012

Apa Senenge Bisa Ndeleng Makluk Gaib

Kaggo sebagian wong bisa weruh, bisa ndeleng makluk gaib dianggep kelewihan dadi akeh wong sing pada usaha duwe ilmu nrawang utawa ilmu ben weruh makluk gaib dilakoni nganti wiridan utawa maca mantra saben wengi karo tirakat utawa riyadhoh, puasa, tapa lan sapanunggalane. Kadang malah tapa nang tempat sepi angker.

Jane apa sih senenge bisa weruh makluk gaib? Jane apa sing di deleng? Jin, setan, kuntilanak, gerderuwo, tuyul karo keluargane? Ora ana sing apik blas di deleng. Gebderuwo karo gorila ya seblas dua belas. Nek sampeyan seneng karo genderuwo berarti sampeyan keluargane dadi aku ya maklum. Setan? Ngerti dewek lah. Kuntilanak? Tampange kaya wong gemblung sing ngglandang pirang tahun ora tau balik ngumah dadi ora tau adus. Karo wong gemblung sing nang kauman Gombong ya apikan wong gemblung sing nang kauman gombong. Sampean arep? Ih nek aku tetep ora gelem karo wong gemblung apa maning karo kuntilanak.

 Nek tuyul kuwe pada bae karo bocah cilik gundul keling tapi ora bisa ngguyu? Tuyul kerjane nyolong duwit bisa nyugihna sampean tapi apa sampean rela nek bojone sampean saben wektu nyusuni tuyul? Terus sampean ngenyot apa? Terus sanajan duwe duit sampeyan ora ulih foya foya nang tuyule. Duwe duwit tapi ora bisa foya foya apa sampean gelem? Sing jelas sing bergaul karo jin setan yang mung jin karo setan. Apa sampeyan jin apa setan?

Makluk gaib nek keton bagus utawa ayu kuwe mung tipuan. Nek sampean weruheh sing apik lan ayu berarti sampeyan seneng ditipu. Lewih ancur maning nek sampeyan nganti kawin karo jin senajan ayu tapi jin. Sak apik-apike jin kuwe lewih apik manungsa sing paling elek. Bayangnya seapik-apike jin sing paling apik lewih apik manungsa sing paling elek.

Nek sampean wis ilang rasa kamanungsane mung ngarepna nafsune biasane kabeh sing elek dadi apik, sing haram dadi halal, dadi ora gumun nek sampeyan gampang di tipu jin setan. Jin kuwe mangane kotoran manungsa utawa kewan dadi nek sampeyan nyasar nang alam gaib terus di kon mangan berarti sampeyan mangan tahi uwang utawa tai kewan. Sampeyan wong apa kewan? Apa maning nek ana wong sing kawin karo jin. Jin apa wong ya deweke?

Lewih apik ora duwe ilmu sing bisa ndeleng makluk gaib sing ora anak gunane. Lewih apik dadi wong biasa ndelenge malah sing ayu-ayu, ganteng-ganteng. Tinggal milih Ayu Ting Ting, Lunamaya, syahrini, apa Olga Syahputra hihihii..........

Jin setan kuwe wedine karo wong beriman dadi ora perlu ilmu gaib.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin