Wednesday, July 4, 2012

Ilmune Wong Jawa Sing Sakbenere

Dadi wong jawa jane kudu bangga. Wong jawa kuwe duwe nilai-nilai kehidupan sing luhur lan jero maknane. Cuma masalahe akeh wong jawa sing ora paham karo budaya jawa, ora paham nilai-nilai jawa, orang ngerti nek  wong jawa kuwe ngedab-edabi. Wong jawa ora ngerti nek wong jawa sing temenan jawane luwih hebat lan luwih segalane tinimbang bangsa liya, termasuk bangsa Cina lan bangsa landa, eropa utawa amerika.
Jaman saiki akeh wong jawa sing ora duwe jatidiri. Dadi nganggep tingkah laku negara barat sing paling apik lan ilmu wong barat kuwe sing paling duwur. Arep dideleng kan ngendi bae wong jawa kuwe sing paling nomer siji nang dunia, udu wong arab.
Ora basa-basi Nabi Muhammad kuwe sifate jawa banget, udu arab. Budi pekertine, cara ngomonge, perawakane, tingkah lakune, tirakate (cara uripe), kabeh jawa banget.

Wong jawa sing temenan ora tau wedi karo sing jenenge wong sugih banda dunya, wong sing kuwasa utawa wong liyane sing gumede. Wong jawa  sing temena cara uripe kuwe kaya Nabi Muhammad. Modale mung donga. Dudu banda, dudu kuwasa utawa pangkat sing duwur, mung donga. Wong jawa sing jawa temenan ora kena nggo dolanan apamaning diajak sulaya sebabe dongane mesti terkabul, manjur utawa mustajab senajan ora tau belajar ilmu kebatinan.

Pitakonane siki, apa sampeyan wong jawa? Nek wong jawa sering tirakat, melek wengi lang ngurangi mangan ora peduli agamane. Nang nggonku mbiyen wong sing ora duwe agama bae sekti senajan orang tau wiridan lan ora tahu maca mantera. Sebabe apa? Ya kuwe tirakate sing kuat. Sampeyan jawa?

1 comment:

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin