Sunday, October 30, 2011

PENGALAMAN NGAMALNA ASMAUL HUSNA YA FATAH YA RAZAQ

uripe wong kadang ora pada antara angen angen karo kenyataan. kadang nang duwur kadang nang ngisor. kadang urip kadang ambyor. kiye ceritaku pribadi sing tak alami aku karo keluargaku, aku, bojoku karo anakku.

gara-gara salah manajemen keuangan keluarga utawa salah ngatur keuangan keluarga ditambah ditipu wong, uripku dadi keblangsak, kekurangan alias kere. ceritane aku ngutang bank nggo tuku umah. gajiku tahun 2009 gari mung satus patang puluh ewu. tesih ana telung atus ewu karo rongatus seket ewu tambahan kan kantor dadi kabeh nematus ewu kurang sepuluh ewu rupiah alias limangatus sangangpuluh ewu rupiah.

nematus ewu kuwe urung dikurangai susu roangatus ewu saben wulane karo mbayar listrik karo pam sekitar wolung puluh ewu terus dikurangi bensin nggo kerja. senajan sering dikirimi beras nang mertuane rasane uripe tesih tetep susah.

kanggo wong jawa nek wis ora bisa ngapa ngapa ya senjatane mung donga. aku terus kelingan karo asmaul husna ya fatah ya razaq. ya fatah ya razaq tak waca sawise sholat karo kapan bae asal eling karo ndonga ben ulih rejeki setiap saat.


sing jenenge ora duwe duwit rasane ngenes banget tapi sawise ngamalna asmaul husna sering ana kedaden nemu duwit mbuh nang ndalan nang kantor karo nang taman.


tanggal rong puluh duwit wis entek, bingunge setengah mati sebabe ngesuk anak bojo nang umah kudu mangan tapi ndilalah lagi stres-strese malah nemu duwit, ya alhamdulillah.

lia wektu lagi mlaku-mlaku nang taman ana duwit tiba kan sake wong sing lagi mlayu-mlayu, ya tak jiot, alhamdulillah.

lia wektu lagi ora duwe duwit blas, numpak motor karo anak bojo, mlirik kiwe eh malah weruh duit nggletak ya tak jiot, alhamdulillah.

 jane ora mung nemu duit tapi ya nemu duit diwei nang wong karo ulih kerja tambahan. tapi masalahe siki wis urip normal lang kepengin mbalekna duwit sing mebiyen tak temukna. nek sing nang kantor sih ana sing ngaku tapi sing nang ndalan karo taman?


Saturday, October 22, 2011

telung werna wektu ngimpi

saben wong wis mesti tau ngimpi. bisa ngimpi apik, ngimpi elek bisa uga ngimpi sing ora masuk akal. saking seringe ngimpi, wong ora pada ngemut-ngemut mau mbengi ngimpi apa. anggepanne ngimpi kuwe yang mung kembange turu sing ora ana artine.

wong jawa mbiyen mbagi ngimpi kuwe dibagi dadi telung werna. aku yakin nek wong-wong tua pada ngerti lan apal tapi wong nom karo bocah saiki aku yakin jarang sing ngerti nek ngimpi kuwe ana telung werna sing basa kerene nang kosmologi ngimpi wong jawa ana telung werna miturut wektune yaiku :

1. Titiyoni
yaiku ngimpi sedurunge jam sepuluh wengi. ngimpi titiyoni kiye disebabna kan pikiran sing ora bisa lepas kan kerjaan, rasa wedi, rasa sing ora enak utawa kehanan sing gawe pikiran dadi stres. ngimpi titiyoni wis jelas ora ana maknane.wong sing ngimpi nang wektu titiyoni ngimpine ora jelas lan nek tangi wis mesti ora kelingan.

2. Gondoyoni
yaiku ngimpi antarane jam sepuluh wengi tekan jam siji wengi. ngimpi kiye ngimpi sing ora jelas. wong ngomong kembange wong turu lan ngimpine ora runut.

3. Puspatajem
yaiku ngimpi antarane jam siji tekan jam papat wengi.ngimpi nang wektu iki diyakini ana artine sebabe ngimpi nang wektu kiye biasane jelas lan berkesan nang ati lan pikiran.

jane masalah ngimpi kuwe ana artine apa orang ya tergantung wong sing ngimpi. deweke bisa ngerti apa ora arti kan ngimpine. nek ora ngerti yang percuma ngimpi nang wekti puspatajem. dadi dibutuhna keahlian kanggo nafsirna ngimpi.

ngimpi saben wong kuwe ora pada bahasa liane unik. ngimpi kuwe unik. ora mungkin ngimpi wong siji karo wong liya bisa pada. seumpama pada artine wis mesti beda, sebabe apa? ya kuwe unik. dadi aneh banget nek ana wong ngimpi terus nggolet kamus utawa kitab mimpi. kecuali kanggo eong sing biasa masang togel mungkin ngimpine bisa pasa karo rumusan togel.

NEK PADA KEPENGIN NGERTI ARTI NGIMPINE APA BACA BUKUKU NGESUK NEK WIS TERBIT. saiki durung terbit sebabe lagi ngumpulna modal. kapan-kapan tak sambung maning masalah ngimpi.


Thursday, October 20, 2011

GOMBONG PLUS: nangapa wong sing suka ngamalna ilmu tanpa guru bi...

GOMBONG PLUS: nangapa wong sing suka ngamalna ilmu tanpa guru bi...: wektu cilik aku sering krungu wong ngomong nek si Paijo mandan gemblung sebabe ngamalnya ilmu tanpa guru. ana maning si Tarjo gemblung kabo...

nangapa wong sing suka ngamalna ilmu tanpa guru bisa gemblung?

wektu cilik aku sering krungu wong ngomong nek si Paijo mandan gemblung sebabe ngamalnya ilmu tanpa guru. ana maning si Tarjo gemblung kaboten ilmu. jane apa bener nek wong ngamalna ilmu tanpa guru utawa kaboten ilmu khususe ilmu kebatinan bisa gawe gemblung?

kiye aku arep cerita perjalanan urip wektu tesih bujangan mbiyen. sing jenenge bujangan sing digolet wis mesti prawan utawa wong ayu. nang endi ana wong ayu mesti dikejar nek perlu prawane nganti nangis kejer.

pepatah mengatakan, cinta ditolak dukun bertindak. sing jenenge ngejar cinta nganggo rapalan utawa mantra, utawa doa wirid wis biasa, sing penting wong sing dituju tunduk. nek mantra utawa wiridan wis ora mempan terpaksa ya njaluk tulung wong pinter sing ora sekolah ya kue dukun.

nang endi ana dukun ampuh ya ditekani. nah suatu wektu aku ketanggor prawan ayu. kabeh pendekatan lair lan batin ora an hasile lan terpaksa nekani dukun tua umur pitung puluhan.

dukun kue wis tua banget tapi bojone umur nem belas tahun ya meti bae ilmu pengasihane yahud, top markotob. aku akhire diwei pengasihan. teknik ngunakna macem-macem tapi tetep bae ilmune ora mempan meng cah wadon sing tak tuju. sue banget aku nyoba ngilangna rasa cinta meng cah wadon kue.

nang pikiranku ilmu pengasihan kue ora mlebu nang awakku tapi nyatane ana nang awakku lan tambah sue tambah kua senajan aku rajin sholat lan rajin puasa.. kabeh wong wadon sing tak pandeng mesti jatuh cinta, sapa bae lan nang endi bae. akhire dadi kakehan maksiat.

kanggo wong lia disenengi kabeh wong mesti seneng tapi aku malah dadi susah sebabe wedi dosa. akhire aku ketemu lilikku sing wis puluhan tahun ora ketemu terus ngobrol-ngobrol lan diajak zikir batin. nah nang kene tembe aku ngerti cara kerjane ilmu pengasihan.


wektu zikir batin khodam utawa jin ilmu pengasihane berontak sebabe bertentangan karo zikir batin. aku dadi kaya ula. tingkah lakuku lan sifatku dadi kaya ula sebabe kue jin sing njero awakku berontak. pembimbing zikirku terus nyoba mbuang khodam kue tapi aku malah kaya wong gemblung, sebabe nang endi-endi kaya keton ula.


aku kaya wong gemblung temenan, arep turu nang kamar keton akeh ulane, arep mangan nang piring ana ulane, arep adus nang bak ana ulane, kan silit metu ulane, kan irug ana ulane, dadi stress temenan. aku kenal wong pinter nang endi-endi bahkan nganti sing iklan nang koran lan majalah tapi tetep bae ora bisa mbuang ilmu pengasihan sing nang awakku. patang taun aku bener-bener kaya wong gemblung tapi aku meneng bae mbok dikira gemblung temenan.

mungkin sebagian ngomong kudu baca ini itu, surat ini itu,kabeh wis tak lakoni tapi tetep bae bayangan ula keton nang mataku. sing paling males nek arep mangan apa ngombe, panganan karo banyuku tak wacakna ayat kursi ping pitu tembe ula-ula kue pada mati tapi kudu sabar mbuang ulane siji-siji.

alhamdullah aku ketemu ahli zikir anyar. aku diwei rong gelas banyu sing wis diziikiri lan adus terus ilang ilmu pengasihanku. ilmu ilang tapi khodame tesih nekani aku nek aku kelingan ilmu pengasihanku. abot banget, mung kelingan tok be teka kodame tapi alhamdulillah saiki insyaallah wis ilang.

njiot hikmah kan apa sing tak ceritakna mulane aku percaya nek anak wong sing ngelmu bisa nganti gemblung, saking ora kuate malah bunuh diri. mulane urip sing paling apik ya urip sing lurus, urip sing gusti allah ridhoi, urip sing iklas lan tawakal.

aja suka nyalahgunakna ayat-ayat Allah, aja suka ngamalnya mantra, aji-aji lan apa bae sebabe kabeh mesti nganggo khodam. aja gampang percaya nek anak sing ngomong kiye khodame malaikat sebabe sing ngomong tak pastikna ora bisa ndeleng malaikat. aja percaya khodame malaikat senajan nganggo ayat-ayat kan al Qur'an. wektu lia tak sambung manig. ceritane tesih dawa.

aja isin-isin komentar, kritik ya ulih.mungkin ilmuku beda karo ilmumu ya ora apa-apa. saiki aku nyoba ilmu iklas, ora macem-macem. sendika dawuh marang Gusti Allah.

Wednesday, October 19, 2011

cara gawe soto gombong sing paling maknyus




balik meng gombong ora afdol nek urung mangan soto gombong. lewih ora memper ana wong gombong ora bisa gawe soto gombong. sanajan nang perantauan soto gombong ora bakal kelalen.  jane soto gombong karo soto liyane ora kalah asal bisa masake.

senajan nang gombong akeh wong sing dodol soto gombong tapi jarang banget sing bener-bener enak. mulane daripada tinimbang aluwung kecewa lewih apik gawe soto gombong dewek bae. resepe gampang, carane gawe  gampang.

bahan pertama : kobis, kecambah ijo, suun, budin, masako

bahan keloro :   bawang putih limang siung, kemiri wolung blondo, jae setengah senti, kunir  sesenti, sereh telung batang dikeprek, merica secimit, laos sesenti, godong salam patang lembar, godong jeruk limang lembar.

kuwe bahan keloro kabeh diuleg kecuali godong salam, laos,lan sereh. sa wise diuleg terus ditumis (dioseng) nganggo lenga jawa saitik. nah sawise mateng terus diceburnya meng banyu kaldu ayam.

cara gawe banyu kaldu ayam ora susah, gampang banget. kaya kiye carane : banyu loro setengah ciduk (kira-kira bae, kira-kira kaldune enak) digodong ngasi umeb, nek wis umeb balungan pitik, endas, ceker lan liane diceburna nek wis mandan empuk bumbu sing diuleg diceburna karo sereh, laos lan godong jeruk.

nunggu mateng kaldune, kobis diiris suka-suka, terus kecambah ijo digodog nganti mateng, suun digodog aja ngasi kematengen terus ditirisna, godong brambang diiris-iris cilik,  terus gawe gorengan brambang go taburan carane brambang diceti terus diiris tipis terus digoreng aja ngasi geseng.


soto gombong ora bakal maknyus nek ora ana getuke. cara gawe getuk kaya kiya, budin diceti dikumbah bersih terusdigodog ngasih mateng. nek wis mateng budine ditutu ngasi alus nang lumpang karo dicampur masako. nek wis alus terus di blondo-blondo terus digoreng.

nek gawe getuk krasa susah bisa diganti nganggo kacang tanah. kacang tanah digoreng mateng tapi aja geseng terus ditutu nganti alus. di blender ya ulih.

wektu ngrawis soto aja kelalen dikecapi ben sotone maknyus. o iya nek kepengin pede ya disambeli. cara gawe sambele gampang. lombok rawit digodog nek wis amoh terus diuleg.

sing tak tulis kiye soto gombong resepe mertuaku. nek krasa ana resep soto gombong lia sing lewih enak kirim bae mengeneh.















Monday, October 17, 2011

postingan pertama

kiye blogku, bloge esih percobaan. kabeh pada sabar disit. sementara semene bae