Tuesday, October 15, 2013

Nantang Danyang Daerah

Mbiyen aku tau diwei ngerti cara ben diwedeni nang jin lan sapanunggalane nang daerah sing anyar yakuwe nantang danyang utawa penguasa daerah sing anyar sing tembe ditekani. Umpamane sampeyan tembe teka meng daerah nang daerah Gombong utawa kebumen langsung bae tantang danyang sipaling kuasa nang Gombong. Carane ya tinggal ngomong thok, ngko danyange teka. Tekani paling karo kesuh-kesuh. Paling ora sampeyan ya bisa kesurupan nek sampeyan mandan kuat yang paling diserang.

Terus ben ora celaka nang danyang penguasa kuwe kepriwe carane? Menurutku ana loro, pertama sampeyan kudu bener-bener sekti lan ilmune kudu lewih duwur tinimbang danyange. Nek sampeyan lewih sekti mesti danyang kuwe bisa dikalahna karo di kongkon.

Sing keloro, sampeyan kudu bener-bener yakin karo Gusti Allah. Ora perlu sekti, sebabe wong sing bener-bener beriman karo Gusti Allah wis mesti lewih sekti tinimbang bangsa jin utawa para danyang penguasa daerah tertentu.

Guruku termasuk golongan sing keloro. Deweke ora sekti, cuma ilmune mung ilmu yakin karo Gusti Allah. Deweke sering ngadepi para danyang daerah sing anyar. Deweke mung modal yakin tapi ora tau kalah. Nek danyange wis kalah kabeh para jin, demit, lan bangsa jin liyane mesti pada tunduk. Nek ana wong sing kesurupan nang daerah kono mesti gampang gole nyadarna.

Terus kepriwe carane ben keyakinane tambah, ben imane meng Gusti Allah tambah? Cara ya dzikir. Dzikir sing meresep nang njero ati. Nek dzikire nang njero ati ngresep suwe-suwe imane tambah. Terus dzikire apa? Dzikire apa bae sing penting bisa ngerti arti lan maknane.

Jane nantang para danyang kuwe ora apik, apamaning nek ora duwe iman, bisa celaka. Duwe iman uga tetep ora apik, kecuali nek kepengin ngetes iman. Nek krasa urung kuat ya njajal nglawan genderuwo bae, utawa kuntilanak sing biasa manggon nang umah tua utawa wit angker utawa panggonan angker.

Kepriwe carane nglawan genderuwo lan kuntilanak. Nek aku mbiyen mung ngandelna kulhu, annas, falaq karo ayat kursi. Seumur urip aku ora tau maca mantera sebabe ora ana sing ngajari, dadi andelanku ya mung kuwe miki.

Nek sampeyan wis maca kulhu, annas, falaq karo ayat kursi tapi genderuwo utawa kuntilanake mung cengengesan berarti ana sing salah. Biasanya sing maca kuwe ora duwe iman. Temenan, percuma maca kulhu annas falaq lan ayat kursi nek ora yakin karo Gusti Allah. Nek ana wong sing maca ayat-ayat qur'an tapi ora diyakini mesti kabeh jin setan mung ngguyu thok, sebabe intinya ayat-ayat qur'an kuwe ya iman marang Gusti Allah. Nek sampeyan bener beriman karo Gusti Allah, bener-bener beriman, jin, genderuwo, kuntilanak lan sapanunggalane mesti wedi. Ora usah diwacakna apa-apa jin kabeh mesti mlayu wedi lan tunduk.

Nek sampeyan bener-bener nglakoni apa sing tak tulis, aku sing njamin sampeyan mesti menang nglawan danyang endi bae, menang nglawan genderuwo, kuntilanak lan sapanunggalane. Aku nulis kiye sebabe wis tau tak lakoni dewek

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin