Monday, October 28, 2013

Cara Milih Pengobatan Alternatif Sing Apik

Jaman pancen wis modern tapi pengobatan alternatif tesih dibutuhna. Jenenge be alternatif kuwe artine ya nek pengobatan utama ora mampu. Gunane pengobatan alternatif kuwe jane mung go pelengkap lan gantine pengobatan utama nek pengobatan utama ora mempan utawa pengobatan utama wis ora gawe mari.

Pengobatan sing utama kuwe ya pengobatan dokter utawa medis. Nek pengobatan medis wis ora mampu utawa ora sanggup ya nganggo pengobatan alternatif. Pengobatan alternatif kuwe biasane kan wong pinter utawa dukun utawa wong sing ahli marang penyakit tertentu utawa khusus, contone ahli patah tulang, ahli herbal utawa ahli pengobatan tertentu.

Sanajan jenenge pengobatan alternatif tapi biasane taripe lewih larang tinimbang pengobatan medis, apamaning nek wis mlebu tivi. Nek mlebu tivi wis mesti larang gole mbayar sebabe mlebune tivi bae puluhan juta, dadi engko sing kena akibate ya para pasiene. Dadi biaya mlebung tivi sing nanggung para pasiene, mulane aja kaget nek tekan pengobatan alternatif bayarane pada bae wong sing operasi cesar.

Aja gampang ketipu. Sing jenenge nggolet duwe ya perlu iklan. Iklan pengobatan alternatif ya mesti sing ditokna ya wong-wong sing pada mari sekang penyakite, udu sing gagal. Masalahe akeh wong sing ketipu nek berobat meng pengobatan alternatif mesti marine, padahal ora mesti, malah akeh sing ora mari, mung sing ora mari ora iklanna. Ora mung ora mari thok malah akeh sing pada mati utawa gagal.

Dadi kepriwe cara milih pengobatan alternatif sing apik?
1. Survei disit, apa pengobatanne bener-bener ampuh apa mung iklan thok.
2. Surve ongkose, larang banget apa ora? Nek larang apa ana jaminan mari? Nek ora mari bayarane dibalekna apa ora?
3. Pengobatane masuk akal apa ora? Aja gampang kepencut omong kosong utawa kabar burung. Nek masuk akal ya coba nek ora yang siap-siap dilomboni.
4. Alamate jelas apa ora. Biasane nek alamate ora jelas alias ngontrak sing sering mung penipuan. Senajan tempate jelas ora njamin juga nek ora nipu.

Jane pengobatan sing apik biasane wong iklas ora kaya jaman saiki kabeh go nggolet duwit. Si dukun utawa pengobat alternatif kuwe ora duwe kepenginan sing bener-bener iklas kepengin nulung wong mriang, tapi tujuane mung nggolet duwit sing akeh, nek bisa sugih. Mulane pengobatan jama saiki khususe para dukun utawa wong pinter kuwe ora mandi ora mari nek nambani wong, sebabe ora iklas gole nulung. Nek jaman mbiyen akeh dukun sing bener-bener ampuh ilmu pengobatanne sebabe ya kuwe ora pamrih ora kepengin duwit sebabe amalane ilmune kuwe kudu iklas.

Nek pengobatan alternatif kaya pengobatan herbal utawa terapi-terapi tertentu utawa khusus kuwe tesih masuk akal, nah wis kaya kuwe tergantung biayane masuk akal apa ora. Nek nyekek ya tinggal baelah nggolet sing liyane. Nggolet ampuh lan murah

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin