Friday, November 8, 2013

Zikire Wong Mbiyen

Wong jaman mbiyen pancen aneh-aneh, temasuk zikire. Zikire beda karo wong jaman siki. Mungkin wong mbiyen pancen bodo-bodo dadi zikire sebisane, nah nek wong jaman saiki zikire wis sesuai standar artine wis pada karo syariat islam. Nek wong mbiyen sing penting bisa zikir.

Perbedaan sing paling keton yakuwe, zikire wong tuwa mbiyen senajan sederhana tapi pada ngerti karepe utawa maknane lan bisa nglakoni nang njero urip nang masyarakat, mulane jaman mbiyen lebih tentrem lan toleransi karo wong liya.

Beda karo wong jaman siki, zikire standar islam tapi ora pada ngerti maknane mulane senajan zikir tapi akeh pada maksiat, korupsi, medon, mitnah, ora wedi karo dosa lan akeh maning. Lah temenan, jaman saiki akeh wong ngaku pada senang kero kebecikan tapi seneng karo dosa, kuwe pada bae munafik.

Zikire wong jaman mbiyen, kiye mung conto, zikire mung alif ba alif ba, alif artinya eling karo Gusti Allah, Ba artine.......... aku ora bisa nerusna sebabe aku orang kelingan. Aku mung wis tahu ngobrol karo wong ngamalnya zikir alif ba kuwe. Umure siki meh satu taun. Deweke cerita akeh masalah zikire wong jaman mbiyen sing sederhana tapi aneh kuwe. Ya mesti aneh jaman siki zikir ya kalimat toyyibah nek udu asmaul husna, udu zikir alif ba utawa zikir huruf arab.

Nyuwun sewu nek aku ora ngerti (pancen ora ngerti) nang mesjid saka tunggal desa Pekuncen Sempor malah akeh wong-wong tua dzikire mung Allah Allah Hu Hu...... (Allah Allah Dia Dia). Jaman siki zikir kaya kuwe ya wis jarang, tapi ya ora papa sing penting ngerti arti karo maknane lan bisa nglakoni nang njero masyarakat.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin