Friday, November 29, 2013

Ilmu Isian

Jaman saiki jaman wis modern tapi tesih akeh bae wong sing kepengin sekti ben diwedeni wong liya, ben keton sekti, ben rejekine gampang, ben dadi jago lan liyane. Tapi masalaeh biasanya wong-wong pada kepengin sekti tapi tanpa tirakat, sekti tanpa puasa utawa tanpa mantra. Jane bisa apa ora sih nek sekti tanpa puasa, tanpa tirakat utawa tanpa mantra?

Ya bisa bae, cara ya diisi. Saiki akeh wong sing bisa ngisi ilmu apa bae sing penting wani mbayar larang mahare? Mahare jelas bae larang sebabe sing ngisi ilmu kuwe gole ulih ilmune  ora gampang, nganggo tirakat, nganggo puasa lan wiridan utawa  maca mantra lan ora sedela gole nglakoni. Mulane wektu ngisikna meng wong liya ya bayarane ora murah.

Nganggo ilmu isian kuwe kudu sering di isi, nek ora sering diisi yang ilmu dadi tipis utawa ora ampuh maning. Nek ora ampuh maning ya pada bae ora nganggo ilmu, gampang ditembus ilmu liya lan ora ana pengarueh meng wong liya. Selawase wong sing ngisi ilmu kuwe tesih urip ya ilmu isian kuwe bisa terus diisi, tapi nek sing ngisi ilmune mati ya wis mandeg.

Nek ana sing ngomong nek ilmu isian kuwe ampuh terus semur urip kuwe ya nglemboni. Ilmu isian kuwe pada bae ilmu instan. Pas wektu diisi nang sing ngisi biasane ampuh tapi nek wis balik meng umah biasane ilang, paling ora ilmu isian kuwe ana jangka wektune. Contone ilmu isian paling ampueh seminggu thok, patang puluh dina thok, utawa mung pirang wulan thok.

Nek wis wektune diisi maning utawa recharge maning tapi ora diisi ilmune bisa jebol, khasiate ilang.

Jane ilmu isian cara kerjane kepriwe sih? Nek menurutku cara kerjane ilmu-ilmu kuwe biasane nganggo prewangan. Dadi nek diisi ilmu kuwe pada bae diisi prewangan. Prewangan kuwe bisa jin, belis, lan sapanunggalane. Nek sampeyan arep protes ya ngonoh tapi protes bae meng DPR.

Nek arep mbuktekna ya nganggo ilmu trawangan, sing penting ilmu trawangane bisa ndeleng temenan makhluk-makhluk gaib, maksude bisa ndeleng temenan ora dilemboni jin, sebabe akeh wong duwe ilmu trawangan tapi dilemboni bangsa jin, contone bisa ndeleng bangsa gaib ketone ayu lan apik-apik deweke ora ngerti wujud sing sebenere bangsa gaib kuwe elek banget. Ketone kaya ustadz padahal jin iprit sing paling elek sedunya. Nek aku saiki ya tahu dolanan kaya kuwe maning, mending dadi wong biasa ben ora ketipu.

Ilmu isian ya pada bae barang isian (barang gaib) kuwe diisi nanggo ilmu artine ya nggango bangsa gaib. Aku mandan ngerti sebabe mbiyen aku wis tahu dadi wong goblok nganggo barang-barang kaya kuwe, saben wulan diisi nang dukune, ngentekna duit. Dukune sing seneng.

Benda gaib utawa barang sing ana kekuatane ya pada bae, ana isine, isine bangsa gaib utawa demit. Mung bedane cara gole ulieh barang gaib kuwe. Tapi menurutku ora ana gunane ditambah iman islame ilang. Mending belajar agama bae sing bener lang dadi wong bener. Kabeh ilmu isian, barang isian lan barang gaib utawa jimat apike dibuang bae. Andelanku siki inna lillahi wa innna illa ihi roji'un bae ditambah kulhu annas karo falaq, ditambah ruqyah syar'iyyah. Insya Allah bia slamet dunya akherat. Slamet imane, slamet duwite. 

Jajal benda gaib sampeyan di ruqiyyah syar'iyyah mesti ilang kekuatane. Nek ora percaya jajal bae.
 

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin