Saturday, November 30, 2013

Cara Ngadepi Wong Sekti Tanpa Ilmu Kasekten

Sing jenenge urip karo wong liya wis mesti akeh masalah. Masalaeh rata-rata wong sering nganggo segala cara nggo ngalahna wong liya. Mulane ora aneh nek wong-wong pada ngelmu utawa pada duwe jekelan ilmu-ilmu batin utawa ilmu kasekten lan duwe jekelan jimat. 

Wong duwe ilmu kasekten utawa wong njekel jimat pancen beda aurane utawa hawane khususe nggo wong sing ksosongan utawa ora duwe ilmu. Wong sing ora duwe ilmu biasane gampang kena pengaruh, bisa dadi wedi utawa gampang kepencut marang wong sing duwe ilmu utawa sing duwe jimat, sing parah gampang dilemboni utawa dipengaruhi dadi dolanane wong sing duwe ilmu utawa duwe jimat kuwe. Sing melas ya wong wedon, biasane dipelet ben tunduk lan nggo dolanan wong lanang.

Tulisan kiye satus persen wis tak jajal, manjur lan cespleng. Ora perlu sekti, ora perlu duwe ilmu lan ora perlu nganggo jimat nggo ngadepi wong duwe ilmu utawa wong sing duwe jimat. Carane gampang banget. Banget gampange, tapi gole nglakoni sing susah sebabe rata-rata wong mung pada angon hawa nafsune, kepengin menang dewek, ora jujur, ora gelem nglakoni syariat agama.

Cara gampange yakuwe kudu jujur, benar lan nglakoni syariat agama islam. Carane ngadepi wong sing duwe ilmu yakuwe cukup diwacakna kulhu, annas, falaq lan ayat kursyi. Cara macane terserah arep sepisan-sepisan, ping telu kabeh, ping pitu kabeh, ping satu kabeh, ping sewu kabeh ya ulih, sing penting kuwe kudu bener-bener pasrah karo Gusti Allah. Mesti manjur.

Cara kiye insya Allah kena go nolak bala utawa santet. Sing penting yakin, yakin kuwe dibareng tauhid sing bener, laku agamane sing bener lan pasrah karo Gusti Allah. Nek wong tesih percaya nek santet kuwe hebat, ilmu dukun kuwe ampuh, aji-aji kuwe duwe kekuatan, jin kuwe medeni,  wis mesti bae wong kuwe bakal kena santet lan maca kulhu annas falq lan ayat kursyine ora bakal ampuh. Wong kaya kuwe berarti tauhide urung dadi. Wong ora duwe tahuid berarti ora percaya karo Gusti Allah. Nek ora peraya karo Gusti Allah ya percuma aya kulhu annas falaq lan ayat kursyi. Percuma maca al qur'ane juga.

Wong sing ora duwe tauhid senajan maca al qur'an ping sejuta sedina ora bakal ana pengarueh. Langkah sepisan nek arep tauhid ya kuwe buang kabeh rasa wedi karo ilmu lan jimat, buang kabeh kepercayaan karo jin. Nek tesih ana percaya karo kuwe kabeh berarti nang njero atine tesih ana ruangan ggo jin utawa setan. Nek kuwe kabeh wis dilakoni terus lakoni syariat agama lan lakoni laku urip sing sesuai syariat agama.

Nek kuwe kabeh wis sampeyan mung maca kulhu thok, utawa al fatihah thok insya Allah ampuh. Insya Allah sampeyan ora bakal kena gangguan jin, santet utawa ora bakal kena pengaruh ilmu-ilmu batin, ilmu gelap, ilmu pengasihan lan sapanunggalane.

Aku mbuh ping pira ngedepi wong duwe ilmu lan duwe jimat sing ampuh nang kantor. Jane aku dewek ya ora masalah karo wong-wog kuwe tapi jalaran difitnah lan diomong-omong elek ya tak kerjani. Ana mbiyen atasanku duwe ilmu pengasihan dadi kabeh nang kantor pada tunduk. Tunduk setunduk-tundukke. Wong sing kesuh muntab-muntab tekan ubun-ubun arep ngletak atasanku kuwe mesti langung meneng tunduk. Padahal sing kesuh kuwe atasane atasanku. Kedadean kaya kiye sering banget. Nah deweke kuwe apese karo aku. Deweke mitnah aku. Nek mitnah sepisan ya ora masalah tapi nek wis bolak-balik ya sakit ati. Terus tak wacakna ayat kursyi ping pitu saben esuk. Kantore tak pageri ayat kursyi sewulan. Eh pas sewulan atasanku dipensiunnya tanpa pesangon.

Ana sing duwe  ilmu lan jimat ya tak wacakna ayat kursyi thok ping pitu thok ya pada dipindah meng kantor liya lan ana sing dadi apik. Ana maning pengalaman kancaku, mung diwacakna syahadat wong sing ora seneng langsung kena walesanne.

Pitakonanne kepriwe nek wis diwacakna kulhu annas falaq tapi ora ana pengarueh? Jawabanne sampeyan mesti introspeksi diri, intropeksi apa tauhide wis benar apa urung, apa kelakuanne wis islami apa urung? Terus sabar diwacakna terus, mesti anak bedane.

Kiye aku mbukak rahasia saimet ya, jane cara sing tak ajarna tesih kurang apik. Cara kaya kiye pancen ampuh tapi ora bisa ningkatna iman. Cara kiye tak ceritakna meng guru ngajiku malah aku diomeih. Sebabe aku tesih ngarepna hawa napsuku. Kudune nek di uji kaya kuwe kudune sabar lan pasrah meng Gusti Allah. Serahna kabeh meng Gusti Allah,engko wong sing elek lan ora senang karo awake dewe mesti kena ukuman kan Gusti Allah. Ngukum wong liya senajan salah karo awake dewek kuwe hakke Gusti Allah udu hakke awake dewek, udu hakku udu hakke sampeyan.

Mbok ilmu sing paling duwur kuwe ilmu ikhlas? Ilmu ikhlas kuwe ilmu para mukhlasin, ilmu sing ora tandingane. Tapi nek sampeyan ora kuat lan urung bisa ikhlas ya waca bae kulhu annas falaq nggo nglawan wong sing nyakiti sampeyan, tapi sebisa-bisa ya ditingkatna imanne nganti dai wong ikhlas.

Sepisan maning kiye ilmu wong sing ora duwe ilmu, aku ora njamin sampeyan bisa ngedepi wong sing duwe ilmu nganggo caraku kiye, tapi insya Allah, Allah sing arep njamin sampeyan bisa ngalahna wong duwe ilmu kasekten lan duwe jimat lan wong sing duwe ilmu ireng.

Ilmu kiye jane ora beda karo ruqyah syar'iyyah sing lagi terkenal, lewih apik sampeyan belajar ruqyah syar'iyyah sing praktis lan gampang diamalna. Semoga sukses ya.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin