Wednesday, June 11, 2014

Sekti Tanpa Kasekten Sugih Tanpa Banda

Sekti Tanpa Kasekten Sugih Tanpa Banda. Kan jaman mbiyen tekan siki kabeh wong kepengin sekti lan kepengin sugih. Wong sing normal mesti bae kepengin sekti sebabe nek sekti kabeh bisa ditangani, kabeh bisa diatur, kabeh bisa diatasi. Ora ana wong sing bakal macem-macem nek awake dewek bisa sekti. Pokoke nek sekti kabeh bisa beres.

Kabeh wong uga kepengin pada sugih,bandane akeh. Nek sugih kabeh bisa dituku. Apa bae nang dunya kiye bisa diatasi karo banda. Prawan ayu bisa nurut karo kaki-kai ya sebabe banda alias sugih.Nek kaki-kakine ora sugih ya endi ana sing gelem nglirik.

Jalaran kepengin sekti karo kepengin sugih banda akeh wong sing kelangan jati dirine. Sadar utawa ora, akeh wong sing sengaja nukar jati dirine kanggo kasekten karo kesugihan. Sekti lan sugih bisa nutupi mata ati sing kudune resik. Mung mata ati sing resik sing bisa kenal karo sing gawe urip. Mung mata ati sing resik bisa ngadep Gusti Allah, dudu kasekten, dudu banda, dudu dunya, dudu pangkat lan jabatan.

Masalaeh kabeh wong mesti ngomong nek urip kuwe sing penting banda. Wong-wong ora pada eling nek nang dunya kuwe paribasane mung mampir ngombe. Urip nang dunya kuwe mung sedela. Ilmu kasekten, banda, dunya, pangkat lan jabatan kuwe orang kanggo nang akhirat, malah nang akhirat kabeh kuwe di jaluki pertanggung jawabane.

Terus kepriwe ben urip nang dunya kiye ora butuh banda? Urip nang dunya kiye banda, dunya, pangkat karo jabatan kuwe mung amanat udu tujuan. Nek wong tujuan uripe mung dunya, banda, sugih, kasekten karo pangkat jabatan ya uripe mesti susah. Susah nang dunya lan akhirate.

Contone, nek tujuan uripe pangkat, mesti kabeh dilakoni sing penting duwe pangkat sing duwur. Arep cara apik utawa cara elek ora masalah sing penting bisa duwe pangkat. Nek perlu merdukun, nyantet wong liya, sikat lan sikut kabeh wong sing kira-kira arep ngalangi. Bener salah ora penting. Sing penting bisa duwe pangkat  lan terpandang. Cara kaya kiye nang Indonesia, khususe nang Jakarta, wis biasa.

Conto liyane ya kuwe nggolet banda nganggo segala cara. Ora urus cara bener utawa cara salah sing penting bisa sugih banda, mulane akeh wong sing nyupang utawa nganggo pesugihan, ngrapok, nyopet, nggendam wong liya, lan liyane.

Jane apa bener nek wong bisa sekti karo bisa sugih kabeh kesenengan nang dunya bisa dituku? Nek wong gelem ngaca jane akeh wong sing ngakune sekti malah menderita, akeh wong sing sugih banda malah menderita. Akeh wong sing sekti tapi malah menderita sebabe kakehan tapa brata malah dadi ora mbojo, nek mbojo bojone mesti njaluk pegat sebabe keseringan semedi bojone ora dikeloni. Ora gumun nek ana wong sing ngekune duwe ilmu pengasihan paling hebat tapi malah cerai karo bojone. Ana maning wong sing sekti tapi kasekten ulieh saka jin utawa siluman sing njaluk tebusan sing tebusan malah gawe susah. Senajan terpandang tapi malah uripe susah, susah duhia,susah akhirat.

Kae nang jakarta akeh wong sing sugih tapi malah menderita. Rumah tanggane gagal sebabe ngurusi bisnis siang malam. Bojone njaluk pegat, anake ora terdirik morale. Akeh uga wong sing sugih banda tapi hasile kan nyupang, umure ditukar karo banda. Ketone wis mati tapi urung mati, sisa umure di nggo ngabdi siluman. Dunyane susah, akhirate susah. Akeh conto liyane.

Urip sing kepenak yang urip sing cukup. Ngomong cukup kuwe hubungane karo batin. Batin sing cukup ya kuwe batine wong sing bersyukur, utawa batine wong sing iman. Wong sing iman kuwe mesti aman. Aman kan segala bahaya dunia lan akhirat. Nek wong tesih gampang stres sebabe dunia, wong kuwe wis mesti ora beriman. Wong beriman kuwe ora bisa dideleng kan sorban, peci utawa sholate. Akeh wong sing sholat lan ndonga tapi ora krasa aman sebabe ora percaya karo Gusti Allah. Nyembah Gusti Allah tapi ora percaya nek donga-dongane arep di kabulnya.

Urip kuwe ora perlu sekti utawa ora perlu kasekten. Cukup edek karo Gusti Allah. Nabi SAW bae ora sekti, untune tesih bisa rompal wektu perang karo musuh. Wong sig edek karo Gusti Allah mesti ulih perlindungan kan Gusti Allah. Intine Gusti Allah sing njaga. Wong urip uga ora perlu sugih banda, sing penting cukup. Mulane dongane njaluk sing cukup sebabe sugih urung temtu apik kanggo dunya lan akhirate. Wong sing beriman kuwe ibarate sekti tanpa kasekten lan sugih tanpa banda. Nek wong uwis beriman, Allah sing njaga lan Allah sing nyukupi.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin