Thursday, July 24, 2014

Wis Ngamalna Asmaul Husna Tapi Uripe Tesih Susah

Wis Ngamalna Asmaul Husna Tapi Uripe Tesih Susah. Akeh wong sing pada ngresula nangapa wis ngamalna asmaul husna tapi uripe tesih susah, masalaeh ora kelar-kelar, utawa apa sing digayuh ora kesembadan. Jane kuwe nangapa? Apa amalan asmaul husnae orang mujarab, apa Gusti Allah wis orang krungu donga pan penjaluke? Apa ana liane sing salah?

Ngamalna asmaul husna kuwe jane pada bae karo ndonga, ndonga marang Gusti Allah, njaluk pitulung ben uripe kepenak utawa ben urusane lancar, utawa ben rejekine meningkat. Wong urip pancen kudu ndonga, tapi ndonga thok ya ora cukup. Ndonga kuwe kudu dibarengi ikhtiar utawa usaha. Nek ndonga tok ora usahane ya Gusti Allah bingung arep lewat ngendi rejeki dibukak. Mulane wong urip kuwe kudu duwe pintu rejeki utawa skill utawa kepinteran utawa kompetensi.

Skill utawa kompetensi kuwe apa sih? Skil utawa kompetensi kuwe artinya wong urip kudu duwe minimal siji keahlian utawa kepinteran. Contone, pinter ngomong. Wong sing pinter ngomong, pinter ngerayu wong cocok nggo dadi sales utawa dodolan. Dadi wong sing kepengin dodolan kuwe kudu pinter ngomong lan njiot atine wong lia sing arep ditawani ben tuku barange. Ora mung pinter ngomong tapi kudu ngerti psikologine wong lia, psikologi konsumen. Dadi nek wis nguasai ilmu pskologi kuwe mau, nek arep nawakna barang meng wong liya dadi wong lia dadi gampang dipengaruih ben tuku barange. Semakin pinter utawa skill adol barange meningkat, uripe mesti bakal lewih kepenak.

Conto liane, nek sapeyan mung tukang batu, ya skil tukang batune kudu bener-bener apik temenan. Dadi wong lia ndeleng sampean kerja mesti seneng lan hasile uga apik. Aja mentang-mentang dadi tukang batu tapi kerjane asal-asalan, mesti bae wong sing arep nganggo jasa sampeyan mikir kuadrat utawa mikir-mikir lan lewih apik nganggo jasa tukang batu liane sing cara kerjane apik lan hasil kerjane apik.

Kuwe mau conto. Jane kabeh pekerjaan kudu duwe skill. Nek ora duwe skill mesti ditinggal wong lan urip sampeyan ora bakal meningkat lan keblangsak dua akhirat.

Conto liane, tukang masak sing bener-bener kompeten masakane mesti enak. Nek wis terkenal enak sapa bae mesti nganggo, minimal yang nek duwe restoran mesti restorane rame lan terkenal. Syukur-syukur bisa mlebu tivi utawa dadi tukang masak selebriti. Nek wis terkenal mesti sapa bae njaluk dimasakna lan rejeki mesti lancar lan uripe meningkat.

Mulai saiki jajal aja mung ngamalna asmaul husna thok tapi uga ngasah skill utawa kompetensi utawa kepinteran.

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin