Saturday, May 11, 2013

Nggoleti Jati Diri

Kesugihan, rai ganteng, jabatan, bojo ayu, duwe lemah sadunya lan kabeh sing ketone wah nang matane wong urip, kadang ora gawe ati tentrem. Akeh wong sing wis duwe kabeh nang dunya ora bisa ngrasakna urip sing sejati. Rasane kaya ana sing kurang. Rasane kaya ana sing ora cocok nang njero ati. Urip rasane kaya mblayang ora duwe tujuan. Bingung, urip kuwe jane nggo ngapa, urip kuwe apa sing kudu dikerjakna, urip kuwe kudu kepriwe?

Rasa galau kuwe sering dirasakna nang wong-wong sing mikir uripa kan ngendi, arep dadi apa lan arep mengendi, yakuwe jati diri. Jane jatidiri awake kuwe apa, sapa?

Nek kepengin nggoleti jati diri apike ya nyontoh Nabi Ibrahim AS. Jajal dimatna apa sing dipikirna lan di lakokna nang Nabi Ibrahim AS. Kan ateis terus nyembah bulan bintang lan matahari terus akhire ketemu karo Gusti Allah.

Nggoleti jatidiri bisa juga nyonto Bima sing diceritakna nang Dewa Ruci. Lelakone Bima abot banget ben ketemu jatidirine. Uteke sing bodo dimanfaatna nang Guru Durna ben celaka. Tapi bersihing diri karo tekad sing bener, Bima ora mati tapi malah bisa ngalahkan kabeh rintangan-rintangan nang samudera kehidupan senajan sering kemelem lan meh mati sebab masalah sing abot lan keterbatasan kekuatan lair lan batin. Sewise ngadepi masalah lair lan batin samudera kehidupan akhire Bima ketemu karo Dewa Ruci yakuwe rahasia jati diri.

Wong-wong sing wis nemu jati dirine berarti wis sadar sapa deweke, sadare kan batin udu sadar lisan. Wong sing pura-pura sadar tingkah lakune mesti beda karo wong sing sadar sekang ati. Wong sing sadar lisane thok berarti deweke ulih ilmune tekan maca buku utawa kan omonge wong liya, ora mlebu ati. Deweke mesti gampang stress nek ngadepi masalah, beda karo wong sing wis ngerti jati dirine. Wong sing wis ngerti jati dirine uripe ora bakal susah sebabe wis ngerti nek urip lan dunya kiye mung sedela.

Wong sing wis ngerti jati dirine kadang ngerti sing wong liya ora ngerti. Umpamane wong sing ngerti jati dirinya bisa sekti lan duwe kesekten nek deweke gelem, tapi sing akeh deweke ora kepengin apa-apa.

Jane nek kepengin ngerti jati diri kuwe jane gampang, contone, nek sampeyan ngerti maknane La illaha ilallah utawa lau haula wala quwata, sampeyan mesti ngerti jati diri sampeyan. Nek wis ngerti jati diri berarti ngerti Gusti Allah. Nek ngerti sapa Gusti Allah kabeh dadi gampang, insya Allah.


No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin