Monday, December 17, 2012

Ketempelan Belis Goa Jatijajar

Rekreasi meng Jatijajar jane rekreasi sing paling asyik. Khususe nggo wong sekitar Kebumen, Banyumas lan sekitare. Terutama maning kanggo bocah-bocah cilik karo bocah tanggung utawa bocah sing lagi pacaran. Rekreasi nang Jatijajar udu mung rekreasi nggo fisik utawa pikiran tapi bisa uga rekreasi mistik. Nang njero Goa Jatijajar ana sendang utawa kali, mbuh apa jenenge, sing dipercaya khasiat sapa bae sing cuci muka utawa raup nganggo banyu kali kuwe dipercaya bisa awet nom, ana maning sing percaya nek adus nang kono dipercaya kabeh khajate utawa kabeh kepenginan bisa kabul utawa kesembadan. Aku ngerti kiye kan wong sing ngaku lan percaya khasiat kali nang goa Jatijajar. Deweke cerita nek anakke mbiyen wektu tesih cilik diadusi nanggo banyu sing nang njero goa jatijajar lan njaluk ben anakke duwe derajat sing duwur. Wong sing cerita kuwe kerjane nang Jakarta mung dadi tukang sapu nang Gereja seberang Mesjid Itiqlal. Deweke cerita, nek anak-anakke pada bisa kuliah karo kerja senajan deweke mung kerjane tukang sapu. Deweke cerita uga ora adol keimanane alias tetep islam senajan kerja nang gereja. Kuwe ceritane bapak-bapak sing percaya lan sukses, tapi aku duwe pengalaman sing ora enak.

Ceritane wektu kuwe aku diajak mlaku-mlaku nang goa jatijajar. Aku raup  ben raine seger. Wektu nang Goa Jatijar karo nang Gombong jane ora ana masalah tapi sawise tekan Jakarta, aku ora bisa khusuk nggone dzikir akhirnya aku terpaksa njaluk petunjuk Gusti Allah. Aku ndeleng nganggo mata atiku. Ora disangka nang gegerku ana makluk gaib. Nek dideleng kadang kaya kadal utawa buaya. Tapi kadang suka malik bentuke ora jelas, tapi sing sering ya bentuke kadal. Terus tak telusuri kan endi asal kadal kuwe, Pendelenganku keton nek kadal kuwe manggon nang dinding-dinding goa. Pikiranku terus ketuju karo Goa Jatijajar. Apa makhluk kadal kuwe asale kan Goa Jatijajar? Aku akhire neropong (kaya duwe ilmu bae) Goa Jatijajar. E ladalah, nang dinding-dinding Goa Jatijajar ora ngertia pancen akeh makhluk mirip kadal pada karo sing nang gegerku. Aku njaluk tulung kancaku sing tapi ora gelem akhire ya tak kerjani dewek.

Akhire aku nyoba mbuang kadal-kadal kuwe. Tak wacakna ayat kursyi tapi ora langsung ilang. Jumlaeh akeh. Tak niatna mbuang saben dina siji, akhire seminggu tembe tuntas. Ya maklum bae ora langsung ilang sebabe aku ora tau belajar ngelmu apamaning kasekten. Cerita kiye udu cerita fiksi tapi nyata. Aku ora meden-mendeni apamaning ngelek-ngelekna Goa Jatijajar. Kiye cerita sing ora enak sing tak lakoni. Mulane mulai kan pengalaman kuwe, aku ora gelem maning mlebu nang Goa Jatijajar. Ya paling nang njaba bae. Ya kiye pengalaman ketempelan utawa ditempeli belis Goa Jatijajar

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin