Thursday, December 13, 2012

Fenomena Dukun Komersil

Jaman mbiyen tekan saiki sing jenenge dukun la kok tesih ana lan tesih payu. Dukun dianggep solusi sing tepat nggo kabeh persoalan. Dukun dianggep wong sing ampuh, wong sing duwe kelewihan, terutama perkara gaib. Padahal dukun karo wong liya kuwe pada bae. Pada bae gobloge. Endi ana wong bisa ngerti perkara gaib, nek lagi pas nerawang yang mung kebeneran bae.

La temenan, rata-rata jaman saiki sing akeh dukun palsu. Ngakune sekti, ilmune akeh tapi jane ora duwe kesekten babar pisan. Umpama duwe ya paling ilmu biasa, kebal, pengasihan, terawang lan liya-liyane, ilmu-ilmu sing ora sepiraa. Maksude, umpama ilmu terawang yang terawange ora pas.

Jaman saiki dadi dukun nek ora nipu pasiene ya ora bakal urip. Paling enak dukun ketemu karo wong goblog sing percaya gaib. Wong sing kaya kuwe paling asyik nggo palarakan bandane, nek ayu ya dimanfaatna awake, lan nek bisa ditipu selawase.

Aku ora sentimen karo para dukun, tapi rata-rata kaya kuwe kelakuane. Umpama sepisan manjur utawa dipercaya wong biasane mburine ya tetep nipu. Nggolet kepercayaan sing gede ben ulih mangsa utawa duwit sing gede. Bedane dukun siki karo mbiyen, dukun siki ilmune akeh tapi cetek lan ora manjur, dukun jaman mbiyen ilmune sitik tapi manjur utawa ampuh.

Ya jelas dukun jaman mbiyen ampuh, sebabe kuat tirakate, ora butuh duwit lan dunya. Nek saiki dukune pada komersil, sing digolet duwit, popularitas, banda lan kabeh sing nyenengna ati mulane tirakate kurang.

Dukun komersil jaman saiki lewih ngandelna iklan ben terkenal. Luwih terkenal artinya pasien tambah akeh, artine duwit sing teka tambah akeh. Pengobatan alternatif jaman saiki sing kudune dadi alternatif murah biayane malah lewih nyekek gulu. Biayane ora kalah karo rumah sakit mewah. Kae dukun gemblung sing nang bekasi adol wedus regane nem jutaan. Apa ora gemblung? Nek teka menganah ora nggawa duwit yang paling mung digawani lenga jawa sing disogi rajah, regane seket ewu. Penyakite ditambani ora mara malah para, malah mati. Nek penyakite dipindah meng wedus juga ora mesti mari. Contone akeh banget sing gagal. Nek nang tivi, iklane pancen hebat, akeh sing mari, tapi sing mati ora diwawancarai wkwkwkwkw........ Mulane aja gampang dilomboni iklan.

Nabi Muhammad SAW karo para sahabat wis aweh contoh pengobatan islam utawa thibbun nabawi, contone bekam. Bekam ternyata duwe khasiat sing luar biasa sing pengobatan modern urung mesti bisa nyembuhna. Contone darah tinggi. Dara tinggi ora ana obate, umpama ana ya mung nggo nyetabilna tekanan tok udu go ngilangna.

Ana maning ruqyah. Ruqyah kuwe gampang banget. Nabi SAW karo para sahabat wis aweh contoh mung ngganggo al fatihah, qulu, annas karo falaq ya penyakit bisa mari, penyakit awak utawa penyakit gaib.
Berobat meng dukun kuwe biasane malah keblangsak, keblangsak dunya akhirate. Nang agama jelas ora ulih berobat meng dukun, termasuk meng dukun islam utawa dukun sing nganggo aksesoris islami. La terus kepriwe nek kena penyakit utawa duwe masalah? La duwe Gusti Allah ya njaluk tulung meng Gusti Allah. Jaga iman karo islame, insya Allah kabeh masalah ana solusine

No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin