Thursday, January 24, 2013

Elmu Ben Disenengi Wong Wadon

Elmu ben disenengi wong wadon jane gampang. Arep ilmu psikologi apa elmu metafisik utawa ilmu perdukunan? Seurunge aku maparna carane ben disenengi wong wedon nganggo elmu batin. aku arep maparna cara sing gampang bae.

Sepisan, wong ben disenengi wong wedon kuwe kudu percaya diri, kudu yakin karo awake dewek. Nek wong percaya diri mesti aurane keton apik. Sapa bae sing ndeleng mesti seneng. Nek ora seneng ya minimal atine ora ciut, atine dewek ora cilik, ora wedi karo bayanganne dewek. Nek wong wis wedi karo bayangane dewek utawa berpikir negatip mesti kabeh sing dilakoni ora mantep, kabeh dilakoni ketone hasile negatip kabeh, elek kabeh. Contone bae, nek njagong nang bis terus ana bangku kosong nang sebelahe wong wedon ayu terus dadi minder malah ora wani njagong, padahal wong wadon kuwe ora masalah nek nang sebelahe wonge kaya apa rupane. Nek wis njagong nang sebelahe wong wadon kuwe mau, gara-gara ora percaya diri dadi meneng bae, padahal bisa bae wong wadon mau butuh kanca nang dalan sing bisa diajak ngobrol, malah bisa bae lagi nggolet bojo sapa bae sing nyenengna. Nyenengna kuwe ora mesti kudu ganteng, sing penting bisa nyenengna. Mbok sampeyan pada tau ngerti kadang ana wong ayu banget pacaran utawa mbojo karo sing elek, mbokan? Ya kuwe sebabe, wong lanange bisa nyenengna atine wong wedon. Senajan ana uga wong wedon sing seneng wong lanang merga ganteng, banda lan pangkate. Wong wedon kaya kiye aja diedeki sebabe mengko mburine mesti elek kedayeyane, tapi nek napsu ya terserah. Hahahaha......

Kepindo, wong lanang kuwe kudu nyenengna wong wedon, syukur ganteng, nek ora ganteng yang sing penting bisa ngerti perasaanne wong wedon. Bisa nyukupi apa sing di jaluk. Nek wong wadon njaluk BMW ya tukokna nek kuat, nek ora kuat saranku ya tukokna bae intan berlian. Deneng intan berlian, mbok kuwe lewih larang? Intan berlian pancen larang tapi akeh tiruane, akeh palsune. Intan palsu kuwe murah daripada tuku BMW, ya ora? Aj, aja melu aku, kuwe mung glewehan. hahahaha...........

Ben disenengi nganggo ilmu batin, apa sampeyan rela nek wong wedon sing sampeyan senengi dibawah pengaruh sihir utawa jin? Ilmu batin kuwe biasane mesti nganggo bantuan jin. Nah engko mburine sing ora apik. Ora apik nggo sampeyan lan wong wedon sing sampeyan pelet. Kejaba nek sampeyan wing duwe ilmu tahan api lan tahan masalah dunya akhirat.

Tak wenehi ngerti ya, nek rahasia ilmu batin kuwe jane mengenal diri sendiri. Sapa bae sing bisa ngerti sapa diri sejatine segala ilmu kuwe urusan gampang. Ora usah guru nggo melet wong wedon, ora butuh bantuan sapa-sapa ben disenengi wong wedon.

Apa bae sing diwaca, apa bae sing di japa mesti dadi ampueh. Contoh mung nganggo bismillah thok wong wedon wis kepelet. Mesti sampeyan mikir nek bismillah kuwe mung nggo sing apik bae. Bismillah karo ayat-ayat qur'an liyane kuwe mung benda mati. Arep di nggo apik lan elek bisa. Nggo nyantet uga bisa. Masalaeh sampeyan wis ngerti  jati diri sampeyan apa ora. Masalah sing lewih penting utawa paling penting ya kuwe, apa sampeyan wis siap nantang Gusti Allah utawa wis kebal panase geni neraka?

Lewih apik sampeyan percaya diri bae kaya sing tak tulis nang nduwur. Jaman modern agama karo psikologine dikuati, dipenteri, insya Allah kabeh wong wedon kepincut. Temenan, tulisan kiye kabeh aku wing tau nglakoni. Kepriwe nek ditolak wong wedon? Ganti wedon liya, nggolet sing pada cocoke. Nek pada cocoke mesti enak, krep, melumah, mengkurep, enak. Eit aja kelalen nikah disit ya.









No comments:

Post a Comment

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin