Wednesday, October 19, 2011

cara gawe soto gombong sing paling maknyus




balik meng gombong ora afdol nek urung mangan soto gombong. lewih ora memper ana wong gombong ora bisa gawe soto gombong. sanajan nang perantauan soto gombong ora bakal kelalen.  jane soto gombong karo soto liyane ora kalah asal bisa masake.

senajan nang gombong akeh wong sing dodol soto gombong tapi jarang banget sing bener-bener enak. mulane daripada tinimbang aluwung kecewa lewih apik gawe soto gombong dewek bae. resepe gampang, carane gawe  gampang.

bahan pertama : kobis, kecambah ijo, suun, budin, masako

bahan keloro :   bawang putih limang siung, kemiri wolung blondo, jae setengah senti, kunir  sesenti, sereh telung batang dikeprek, merica secimit, laos sesenti, godong salam patang lembar, godong jeruk limang lembar.

kuwe bahan keloro kabeh diuleg kecuali godong salam, laos,lan sereh. sa wise diuleg terus ditumis (dioseng) nganggo lenga jawa saitik. nah sawise mateng terus diceburnya meng banyu kaldu ayam.

cara gawe banyu kaldu ayam ora susah, gampang banget. kaya kiye carane : banyu loro setengah ciduk (kira-kira bae, kira-kira kaldune enak) digodong ngasi umeb, nek wis umeb balungan pitik, endas, ceker lan liane diceburna nek wis mandan empuk bumbu sing diuleg diceburna karo sereh, laos lan godong jeruk.

nunggu mateng kaldune, kobis diiris suka-suka, terus kecambah ijo digodog nganti mateng, suun digodog aja ngasi kematengen terus ditirisna, godong brambang diiris-iris cilik,  terus gawe gorengan brambang go taburan carane brambang diceti terus diiris tipis terus digoreng aja ngasi geseng.


soto gombong ora bakal maknyus nek ora ana getuke. cara gawe getuk kaya kiya, budin diceti dikumbah bersih terusdigodog ngasih mateng. nek wis mateng budine ditutu ngasi alus nang lumpang karo dicampur masako. nek wis alus terus di blondo-blondo terus digoreng.

nek gawe getuk krasa susah bisa diganti nganggo kacang tanah. kacang tanah digoreng mateng tapi aja geseng terus ditutu nganti alus. di blender ya ulih.

wektu ngrawis soto aja kelalen dikecapi ben sotone maknyus. o iya nek kepengin pede ya disambeli. cara gawe sambele gampang. lombok rawit digodog nek wis amoh terus diuleg.

sing tak tulis kiye soto gombong resepe mertuaku. nek krasa ana resep soto gombong lia sing lewih enak kirim bae mengeneh.















3 comments:

  1. Apa kuwe bumbune ora karo jditambah jinten ben mambune khas Kang?

    ReplyDelete
  2. Wis tak takokna meng bojoku, omonge ora, ya mbuh nek mertuaku. Ngesuk tak takokna meng mertuaku nek lebaran

    ReplyDelete
  3. kayane pada bae bumbune karo ngona ku, kesuwun ya resepe :)

    ReplyDelete

ayu pada ngomong nang kene, aja isin-isin